Kaca:Sapu.pdf/169

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Akeh wong kang ngramekake kesenian kasebut kanthi dodolan maneka warna kayata, panganan, dolanan, Isp. Biasane panganan kang didol awujud pecel, tempe besengek, kupat tahu, lan isih akeh maneh. Penontone akeh lan rame, tuwa, enom, cilik gedhe, lanang wadon. Para polisi tugas ngamanke lan jaga ketertibane lan keamanan para penonton. Para penontone ora mung saka desa Kalangan bae, nanging usa teka saka Sentolo, Galur, Panjatan. Kabeh padha kepengin nonton Ledhek Tayub iku.
Sanadyan tari Ledhek Tayub iku arang katemune, nanging awake dhewe kudu ngleluri budaya Jawa kang arang lan langka. Kesenian-kesenian liyane isih akeh kang perlu dimangerteni, dilestarekake, lan dijaga supaya budaya Jawa ora katilep ing jaman modheren. Mudha-mudhi kudu eling yen budaya Jawa iku penting banget amarga bisa gawe asrining bangsa.
Ing Ngayogyakarta mesthi isih akeh kesenian-kesenian kang durung dimangerteni. Ing daerah Sleman, Bantul, lan Gunung Kidul. Saben dhaerah padha duwe crita lan sejarah dhewe-dhewe, kayata tari-tari, upacara, lan adat tatacara kang isih dilakoni. Nanging, masyarakat akeh sing padha ora mangerti. Amarga budaya Jawa iku dadi jati dirine masyarakat Jawa. Yen budaya Jawa diaku dening negara liya, bakal getun ing tembe mburine. Saktemene budaya iku endah menawa awake dhewe bisa weruh utawa ngrasakake pigunane, amarga budaya iku luhurajine lan ora bisa dituku sapa bae.
Ing jaman modheren saiki, kesenian tradisional wis kurang diopeni masyarakat. Tegese kurang, yaiku wus kurang peminate. Mula sok disebut kuna lan wis ora njaman ing alam modheren kaya saiki. Contone, gamelan wis saya kurang peminate tinimbang band utawa musik pop tumrape para mudha. Gamelan Jawa sing mbutuhake wiyaga akeh wis arang ditabuh maneh amarga luwih angel carane ngepyakake tinimbang musik pop. Kejaba kuwi, gamelan jawa mbutuhake latian kang ora gampang. Kanggone wrong sing ora tlaten mula ora sregep latihan.

155