Kaca:Sapu.pdf/168

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Wujude rasulan arupa pangangan, kayata beras diliwet didadekake sega gurih kalawuhan ingkung pitik jago, kaya tumrape gendhuren. Biasane sesajen utawa rasulan disajekake nganggo pengaron. Sesepuhe Desa Kalangan banjur masrahake utawa ngonjukake pandonga gegayutan karo rasulan kang wus digawe dening warganing masyarakat. Racak-racake saben kulawarga gawe rasulan kanggo sajen. Mula, ing pasareyane iku ana papan kanggo ndelehake pengaron kasebut.
Ledhek Tayub diwiwiti kurang luwih jam 1 (siji) utawa sabubare dhuhur nganti jam 5 sore. Ananging, sak durunge tari ledhek diwiwiti, dianakake luwih dhisik upacara kang dirawuhi Kepala dusun, para pangarep desa lan sak panunggalane.
Gamelan kang dipigunakake awujud gong, kendhang, bonang lan sak panunggalane. Sing padha njoged ledhek cacahe papat. Kejaba kuwi, ana sindhene cacahe loro. Gamelane dikumandhangake nganggo soundsystem kang awujud tape recorder, salon, mik, lan liya liyane. Suwarane katon marem, jumengglunge gendhang katon kepenak dirasake. Uwong kang lagi arep menyang sawah bae kelakon mampir nonton tari ledhek kasebut. Sandhangan kang digunakake para tayube arupa sandhangan Jawa kayata kemben, gelungan, tapih utawa jarik, lan slendhang. Wiyagane lanang kabeh nganggo jarit, surjan, blangkon, keris, lan sak panunggalane. Tembang-tembange kang ditembangake arupa tembang Jawa lan campur sari.
Sajroning nayub, banjur padha nyawer. Sawerane iku awujud dhuwit, paling cilik 5000 rupiah lan saben satembange. Dadi, yen 10 tembang ana 50000 rupiah. Nyaketi rampung kepyakan tayub lan sawise penari pungkasan rampung njoged, dheweke banjur marani pasareyane Eyang Ebrek utawa kaluwargane Ki Ebrek saperlu asung pakurmatan. Bareng tari ledhek wus pungkas, para warga padha gendhuren lan padha ngepyakke rasulane dhewe-dhewe. Ledhek Tayub ing Kalangan iku biasane uga sok ditekake saka Kabupaten Gunung Kidul saben taune.

154