Kaca:Sapu.pdf/167

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KESENIAN LEDHEK TAYUB 25 RUWAH
Sibram Priliani
SMK Muhammadiyah 2 Wates


Ing Kabupaten Kulon Progo akeh kesenian tradhisional Jawa kang isih dilestarekake dening msyarakat. Adat kang isih dilestarekake ing salah sawijining desa, yaiku Ledhek Tayub saka Dhusun Kalangan, Bumirejo, Lendah, Kulon Progo. Ledhek Tayub iku kesenian awujud tarian lan gamelan kang jumengglung. Biasane Ledhek Tayub kaanakake tanggal 25 sasi Ruwah. Ledhek. Tayub dikepyakake ana ing sacedhake pasareyane sesepuhé desa kasebut. Sakdurunge Ledhek digelar, wargane masyarakat ing kono padha gotong-royong bersih ing pasareyan sesepuh desa mau. Kejaba kuwi, gawe papan kanggo pagelaran Ledhek Tayub supaya katon asri lan endah.
Miturut sesepuh desa, Ledhek Tayub ana sejarahe. Nalika semana, ana kluwarga kang jenenge Nyi Ebrek lan Ki Ebrek. Kluwarga kasebut seneng banget marang Ledhek Tayub. Nalika patine, ditanggapake tari ledhek. Sanadyan Nyi Ebrek lan Ki Ebrek wus ora ana lan kanggo pangeling-eling, Ledhek Tayub banjur dilestarekake ing Desa Kalangan.
Ledhek Tayub ing sasi Ruwah migunakake adat Kejawen kang sinebut Ngrasulake. Kang diarani Ngrasulake, yaiku wujud rasa syukur saka masyarakat ing amarga panuwune padha diijabani dening Gusti Allah Maha Agung mapan ing pasareyane Nyi Ebrek lan Ki Ebrek. Rasulan uga kanggo nyranani Ledhek Tayub.

153