Kaca:Sapu.pdf/166

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

filosofis lumantar gambar Semar lan Gareng ing kranjang dhawet ayu. Semar lan Gareng kuwi tegese mareng sing dadi pangarep-arepe bakul dhawet ayu. Ing mangsa mareng dhawet ayu akeh sing nggoleki.
Kanggo pepeling Kabupaten Banjarnegara mbangun monumen bakul Dhawet Ayu lan grobak Dhawet Ayu ing Alun-Alun Banjarnegara. Prodhuk kuliner tradhisional iku kejaba unik, uga nduweni rasa sing mligi/khusus. Dhawet Ayu iku sawijing conto. Saka kuliner omben-omben mau satemene ana nilai budaya lan filosifise.
*****

152