Kaca:Sapu.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

saka gula aren sing dicampur duren utawa nangka kanggo gawe aroma kas Dhawet Ayu Banjanegara.
Cendhol dhawet ayu yaiku saka campuran bahan glepung beras langlepung jagung (tepung tapioka). Warna ijo saka cendhol diasilake saka sari pathi godhong pandhan. Dene sari pathi godhong pandhan iki nyebabake cendhol wangi. Cendhol ulenan disaring nganggo ayakan utawa irig. Irig nduweni bolongan 0,25-0,50 cm. Saripathi cendhol mau ora bisa dawa lan rata-rata dawane cendhol 1-2 cm. Sakwise ulenan mau kasaring, terus digodhok utawa digeneni nganti cendhol mulak-mulak. Panase banyu umeb bisa dadi penentu kwalitas cendhol. Saya apik kwalitas cendhol yen diwenehi pandhan supaya ambune luwih wangi lan kwalitas cendhole kejaga kekenyalane.
Biasane sedurunge didol, bakul dhawet nyampurke cendol karo santen sing kenthel lan nek dhawet arep digawe, lagi santen sing luwih encer ditambahke. Tujuwane ditambahake santen sing luwih kenthel kanggo ngawekani supaya cendhol ora melar utawa remuk.
Juruh sing dipigunakake saka gula aren. Gula aren iki nduweni cita rasa khas lan beda karo gula Jawa. Gula aren mau dijupuk saka wit aren lan kudu di encerake. Sakwise gula aren diencerake, gula aren langsung dicampur irisan nangka utawa duren. Bubar kuwi terus digeneni nganti gula aren mau umep. Saya suwe gula digeneni gula luwih apik lan ambune tambah wangi. Gula sing kwalitas apik bisa nambah cita rasa Dhawet Ayu.
Dhawet Ayu Banjarnegara ora nganggo mangsa. Ing Banjarnegara sing paling kondhang, ing lor terminal Banjarnegara. Saiki dhawet Ayu wis kasebar ning kutha-kutha gedhe, kayata Yogyakarta, Jakarta, Surabaya.
Menurut masyarakat Banjarnegara, dhawet wis dadi simbol budaya. Kanggone masyarakat Banjarnegara Dhawet Ayu ngluwihi sesambungan biasa antarane manungsa lan omben-omben. Dhawet Ayu nduweni iku lambane cakete manungsa lan prodhuk budayane. Cakete dhawet ayu karo masyarakat ngemu makna

151