Kaca:Sapu.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
DHAWET AYU
ICON BANJARNEGARA
Satrio Bayu Aji
SMK Muhammadiyah 1 Lendah



Kabeh dhaerah mesti nduweni panganan/kuliner sing dadi ciri khase. Salah sawijine kuliner mau awujud omben-omben (dudu minuman keras, lho) tradhisional kang dadi ciri khas utawa (icon) lan dadi kebanggaan dhaerah. Salah sijine saka Banjarnegara, yaiku "Dhawet Ayu Banjarnegara" kang wis ditetepake dadi duta khas Banjarnegara. Dhawet ayu bisa disebut jinis omben-omben sing angel dilalekake. Dhawet ayu dadi icon rempah-rempah asil bumi saka kabupaten Banjarnegara. Rasa utawa aroma dhawet ayu nduweni ciri sing mligi lan ora tinemu ing dhaerah liyane. Merga rasane, mula dadi salah sijine daya tarik tumrape para wisatawan.
Miturut sejarah, cikal bakale dhawet ayu saka Desa Dipayudha, Banjarnegara. Kenangane apa dijenengi ayu? Miturur critane, mbiyen nalika ana wayangan, ana bakul dhawet sing kondhang ayune. Saka sejarah iku nganti saiki pelanggan njenengi dhawet lan nganggo tambahan ayu ing mburine. Nganti saiki dhawet Banjarnegara kondhang dadi dhawet ayu.
Dhawet utawa cendhol digawe saka santen klapa diwenehi gula aren, campur cendhol lan diwenehi irisan nangka utawa kolang-kaling sarta ditambahi es. Dhawet ayu meh padha kaya es cendhol kang asring tinemu ing saben daerah. Kang beda yaiku kwalitas kenyale cendhol. Cendhol kang digunakake luwih enak amarga nganggo bahan alami. Ciri khas liyane, yaiku juruh digawe

150