Kaca:Sapu.pdf/163

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

remaja (supaya remaja ora wedi lan isin maneh menawa berobat ana puskesmas kang wis dijamin rahasiane menawa remaja kepingin curhat bab kesehatane apa maneh bab sing dianggep saru). Ana ing Youth Forum, remaja uga bisa kenal karo remaja liyane, amarga Youth Form kuwi wis kalebu organisasi tingkat Nasional.
Saka andharan kasebut bisa didudut sauntara prakara. Siswi KTD amarga minim informsi bab Kespro remaja, minim kawigaten saka kaluwarga, lan kebijakan sekolah sing diskriminatif (mihak salah sijine) karo siswi KTD. Sateruse, kudu digatekake dening Kementrian Pendidikan supaya pendhidhikan Kespro Remaja bisa mlebu mulok. Saora-orane dadi ekstrakulikuler wajib sing sepadan (kaya Pramuka). Pendidikan Kespro Remaja ora dipisahkake saka pelajaran liyane kaya penjaskes (olah raga) sing mung mbahas HIV lan AIDS, pelajaran Biologi sing mung mbahas organ reprodhuksine wae, luwih-luwih Pendidikan Agama sing ngrembug bab swarga lan neraka.
Awit saka iku, murid ora ngerti tujuane njaga kesehatan reprodhuksi duweke kanthi tlesih. Pendhidhikan Kespro olu manunggal, ora bisa dipisah-pisah. Menawa remaja paham informasi Pendidikan Kespro, kasuse remaja bisa kurang, sukur dene bisa ilang. Remaja bisa dadi generasi penerus sing ora nguciwani pengarep-arepe para pejuang (duwe kwalitas, kreatif, bisa mbangun negara tumuju ana kesejahteraan) kang mbela nagari nganti mardika.
******

149