Kaca:Sapu.pdf/162

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Ing DIY, ana program pemerintah kanggo remaja aane PIK-R (Program Informasi dan Konseling Remaja). Saben kecamatan ana PIK-R. Dene sing nganakake BKKBN lan KB. Kejaba kuwi uga diadani dening LSM bidhang keluarga lan kesehatan jenenge PKBI (Perkumpulan Keluarga Berencana Indonesia). PKBI madeg ana ing saben provinsi Indonesia. Ing Kab. Kulon Progo, PKBI nyambut gawe bebarengan karo 11 sekolah SMA/SMK/sadrajat, yaiku SMA N 1 Wates, SMA N 2 Wates, SMA N 1 Girimulyo, SMA N 1 Lendah, SMA N 1 Kokap, SMA N 1 Galur, MAN 1 Wates, SMK Negeril Pengasih, SMK Negeril Panjatan, SMK YPKK 1 Kulon Progo, lan SMK PGRI Sentolo. Sewelas sekolah kuwi mau diampingi dening PKBI kanthi tujuan bisa ngurangi kasus-kasus sing disebabake dening remaja. Kejaba kuwi, supaya informasi Kespro remaja bisa dimangerteni para remaja.
Ana ing sekolah, ampingan didadegake PIK-R lan wis mlebu ekstrakulikuler. Ing PIK-R uga ana kader kang disebut peer-educator/PE (Pendidik Sebaya). PE, yaiku murid sing wis dilatih ma- rang PKBI supaya menehi informasi kespro remaja marang kanca- kancane. Saliyane kuwi, PE uga bisa dadi papane curhat remaja, supaya remaja ora isin maneh yen takon bab-bab sing magepokan karo prakara sing sipate pribadi. PE uga duwe tugas nglurusake prakara kang sing dadi mitos gegayutan karo kespro ing kalangan remaja, yaiku aborsi, mangan nanas karo sprite, petting sepisan ora nyebabake meteng, dhengkul kopong, lsp.
Ing Indonesia ana organisasi pemudha sing mbantu pará remaja nyalurake kreativitas lan bisa ngasah mental jenenge Youth Forum. Ing Kulon Progo, Youth Forum iku wadhahe remaja supaya bisa nywarakake hak-hake ing Kulon Progo. Ana ing Youth Forum, remaja bisa silaturahmi karo lembaga pemerintahan kaya DPRD Yogyakarta, DPRD Kab. Kulon Progo, Dinas Kesehatan, Dinas Pendidikan Kantor Pemda, lan Kantor Bupati. Remaja dilatih ngomong bab kebutuhan remaja, kayata dikatutake yen pemerintah gawe peraturan utawa acara sing nyangkut dheweke, nyelenggarakake layanan fasilitas ramah remaja kayata puskesmas ramah

148