Kaca:Sapu.pdf/161

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

ture utawa cacat. Yen ora, ibune bisa ora kuwat, sing ateges bisa ningkataken angka kematian ibu lan bayi.
Penyebab bisa siswi kena KTD, yaiku murid ora ngerti kepriye carane njaga kesehatan organ reprodhuksine. Iku kelakon merga ora mangerteni informasi bab kesehatan reprodhuksi (kespro) remaja. Mangka, penting banget tumrape remaja umur 14-17 ngerteni informasi bab kesehatan reprodhuksi, sebab ana saumurane emosi para remaja lagi meledak-ledak.
Dene dhefinisi Kesehatan Reproduksi Remaja, yaiku awak waras sing laras karo sistem, fungsi lan proses reprodhuksi sing didarbeki para remaja. Dhefinisi waras ing kene ora mung bebas saka penyakit utawa bebas saka kecacatan nanging uga waras saka mental lan sosial kultural (Modul Kesehatan Reproduksi Remaja Bid. KB & KESPRO BKKBN Prov. DIY, 2007).
Ewadene ora mung remaja putri wae sing mesthi ngerti pendhidhikan Kespro remaja, nanging bocah lanang uga prelu mangerteni. Bocah lanang gampang owah emosi lan perkembangan kawicaksanane luwih suwe tinimbang bocah wadon. Kanthi informasi pendhidhikan Kespro sing ajeg ana sekolahan, saora-orane bisa meminimalisir kasus-kasus sing gegandhengan karo remaja. Perlu dingerteni, yen pendidikan Kespro remaja kuwi ora mung bab seksualitas bae, yaiku bab sing mbahas kawarasan organ reprodhuksine, nanging uga bab NAPZA utawa NARKOBA (Narkotika Psikotropika lan Zat Aditif) sarta ana bab sing magepokan karo HIV lan AIDS. HIV lan AIDS, yaiku virus sing durung ana obate lan bisa nular saka kegiatan seks, narkoba, lan IMS (Inveksi Menular Seksual). IMS kuwi penyakit sing nyerang organ reprodhuksi sing mung bisa dicegah. Kenangapa bisa mangkono? Amargà durung ana obat sing bisa marekake.
Mula, remaja sekolah perlu banget informasi Kespro remaja. Salah sijine, Kespro remaja dilebokake aneng kurikulum mulok (muatan lokal). Saora-orane dikatutake ing ekstrakurikuler wajib sepadan Pramuka. Saka informasi sing ajeg saben seminggune sakjam bakal dimangerteni siswa.

147