Kaca:Sapu.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
PELAJAR DUWE ANAK: SAPA SING MESTHI DISALAHKE?
Ragil Prasedewo
SMK YPKK 1 Kulon Praga


Ana kedadean mengkene, salah sijine penyebab para siswi kelas XII ora melu UN (Ujian Nasional) mergane ana sawijine murid utawa siswi sing kena KTD (Kehamilan Tidak Dinginkan). Penyebabe embuh saka pihak sekolah sing nglarang siswi kuwi mau melu UN, utawa pihak siswi sing mutusake ora sekolah maneh, kabeh dadi ora jelas. Nanging kasunyatane pihak sekolah sing nglarang sisiwi kuwi melu UN, alasane pihak sekolah yaiku njaga martabat utawa nama baik, tanpa nggatekake nasibe siswi kasebut. Kamangka sekolah ora mangerteni apa jalarane KTD. Apa diperkosa? Apa dipeksa pacare? Apa karana padha-padha tresna? Tanpa nggoleki penyebabe, pihak sekolah teka-teka ngetokake (saka sekolah) korban KTD mau, apa maneh dheweke bakal melu UN. Rak ngenes tenan ta? Masa dhepane siswi kuwi mau rak ancur? Menawa korban ora kuwat mesthi bakal nglakoni sing ora-ora sing bisa mbebayani keslametane utawa si jabang bayi. Yen korban mau bisa narima (upamane, banjur rabi) ora ateges ana jaminan uripe penganten enom mau bakalan tentrem karta raharja.
Miturut dr. Tutik, dokter Dinas Kesehatan Kabupaten Kulon Progo, bayi sing diandhut remaja putri sing durung cukup umur utawa kurang saka usia prodhuktif bisa dadi jabang bayi prema-

146