Kaca:Sapu.pdf/157

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

kanggo ewang-ewang wong tuwa: ngeludi, nyapu, ngangsu, utawa momong adhine.
Biyen pancen durung akeh ana pit ontel, sepedha motor, utawa kendharaan mesin liyane. Mangkat mulih sekolah, bocah-bocah padha mlaku. Mangkat mulih sekolah mesthi ampir-ampiran; mesthi enten-entenan tanpa milah lanang wadon. Sadalan- dalan karo gojegan, nanging kerep uga karo mbaleni ngrembug wulangan kang mentas dingendikake bapak/ibu guru. Kalebu, anggone nggarap PR kepiye: digarap bareng-bareng apa ora; nang nggone sapa, banjur jam pira. Kanthi panindak kang kaya mangkono mau sekolah krasa entheng; krasa nyenengake sanajan mung mlaku, sanajan ana sing adohe nganti 2 tekan 3 kilo. Kabeh linakonan kanthi lila awit gedhening tekad murih bisa dadi bocah kang pinter.
Jaman kapungkur, sadurunge mangkat sekolah, bocah kudu gelem rewang-rewang gaweane bapak ibu ing omah. Menawa gawean omah wis rampung, lagi budhal sekolah kanthi ampir-ampiran utawa enten-entenan. Tekan sekolah banjur ngresiki papan panggonan kang digunakake kanggo sekolah. Anggone ngresiki ora mung bocah siji loro, nanging kanthi ditandangi bareng-bareng; kanthi gotong royong. Ya nyulaki, ya nyaponi kelas. Yen katon bapak/ibu guru rawuh, bocah-bocah gage mapak, uluk salam, nuli rebutan saprelu nggawakake tas utawa apa wae kang diasta bapak/ibu guru. Bubar ngono banjur mlebu kelas kanthi tata; ngrungokake wulangan kang dingendikake dening bapak/ibu guru.
Kahanan sekolah wektu semana uga mung saanane. Malah, ana kang ora nganggo mejo, kursi, lan papan tulis. Bocah-bocah cukup lesehan ana lemah kang digelari kloso pandan. Gedhong sekolahane lumrae kawangun saka pring kang dianyam. Saapik-apike awangun tembok "kothangan", setengah sapengisor bata; setengah munggah gedhek. Ana papan kang kaya mangkono mau pranyata sekolahan malah bisa mulang bocah kanthi "jangkep": ya ndhidhik kepinteran, ndhidhik ora minderan, uga ngu-