Kaca:Sapu.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

linakake tata krama, mligine kang trep karo kabudayan Jawa. Mula bocah-bocah jaman biyen, kejaba pinter lumrahe uga duwe tata krama. Beda karo jaman saiki. Lumrahe bocah-bocah mung ngudi kapinteran, nanging nglirwakake tata karma. Mula, saiki akeh wong pinter, nanging kapinterane mau mung kanggo minteri wong liy.
Yen dipikir kabeh mau pacen aneh. Ing ngatase, kagolong pinter, nanging malah lali marang basa/kabudayane. Sing kudune sregep ngamalake kepinterane, malah dadi medhit awit sumelang yen pintere didum mrana-mrana uwong ora bakal ngajeni maneh, uwong ora bakal nganggo awake meneh. Kang luwih mrihatinake, wateking bocah banjur pada nggembelo, ora ngerti tata krama, ora ngajeni marang kabudayane. Mula bola-bali ana kedadean kabudayan kita kang diaku bangsa liya. Terus, saapa sing salah?
Yen gelem nyimak jaman lan alam, Jawa pancen sugih banget kabudayan. Iya ing basane, tatakramane, keseniane, uga ing wujud-wujud liyane, kayata prasasti. Kabeh mau warisane leluhur kang kudu dijaga, dirumat, lan diurmati supaya lestari tekan ing jaman akhir.
Eman, majune jaman kalebu majune teknologi malah agawe kanca kabeh pada lali marang tinggalane leluhur. Lumrahe padha ara gelem njaga. Malah, akeh kang trima niru kabudayan liya kanthi rasa-pangrasa kang cetha beda yen kacocogake karo rasa-pangrasa Jawa. Apa iya, anak putu pancen wis lila yen ing tembe bakal ora ngerteni kepiye ngisi wengi kang sepi kanthi macapatan; kepiye carane ngurmati wong tuwa kanthi tetembungan krama.
Pancene ora ana sing gelem disalahake. Nanging bokmenawa carane ndhidhik bocah kudu diowah. Bocah kudu dielingake marang tata krama, marang kabudayan lokal kang wis ana lan kabukten trep karo rasa-pangrasa kita. Dadi, ora mung klonthang-klantung niru budaya liya. Ora kaya unen-unen, belo melu seton. Pancen ora gampang. nanging, kudu dilekasi sithik mboko

144