Kaca:Sapu.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Saiki wis jamane uga uwis maju. Apa kang dikepenginngerteni lan kabar apa kang paling anyar, kang semebar ana jagat raya iki bisa langsung diluru. Mula kanca-kanca saiki okeh kang padha niru kabudayan manca kang ora ana paedahe. Kosok baline, babagan Jawa setitik mboko setitik padha di tinggalna dening kanca-kanca kabeh. Mula, saiki babagan basa kaya-kaya kandhas ing kemajuane jaman. Apamaneh, ing jaman saiki kanca-kanca akeh kang pinter. Apa-apa serba bisa nanging aten-atenane padha tumpul utawa mati. Mula kapinterane mung digunakake kanggo nyingkerake liyan supaya apa kang dikarepake bisa keturutan. Pintere ora digunakake kanggo bab-bab kang becik, kang apik-apik. Nanging, kanggo ngelek-elek liyan.
Takaluk ya kanca-kanca, kabeh padha elinga. Awit, kabeh mau amung titipane Sang Yang Widi. Titipan kuwi mau bisa dijaluk bali maneh dening Gusti Pangeran sawayah-wayah: saiki, mengko, sesuk, apa suk embene meneh. Sepisan maneh, awit kabeh mau amung titipane. Ayo, wiwit dino iki kabeh diowahi. Mergo kabeh kuwi mau amung watak uga sifat kang ura becik. Sabanjure, elinga supaya kapinteran mau digunakake kanggo mbiyantu kanca-kanca kang ora ngerti. Aja malah kanggo minteri kanca-kancane dhewe. Dadi, ayo urip kanti rukun. Kang pinter aja minteri, kang kurang aja banjur patah semangat. Kabeh mau bisa wae mung minangka pacoban saka Sang Yang Widi. Mula. kang pinter taksuwun ayo pintere kagunakake kanggo bab-bab kang migunani.
Beda karo sekolah jaman biyen, jaman saiki samubrange luwih cepak. Jaman biyen menawa arep sekolah buku, pulpen durung ana. Biyen sekolah mung cukup kaosan, kathok cekak, uga tanpa nganggo sepatu. Nanging, kabeh mau dirasa uwis cukup kanggone bocah-bocah mau. Kejaba kuwi, panjaluke bocah sekolah uga ora kang aneh-aneh, Dadi, sekolah dudu alesan kanggo njejaluk barang kang maneka warna. Sekolah kuwi ya mung sekolah: esuk mangkat, awan bali. Wektu tekane sore

142