Kaca:Sapu.pdf/155

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Beda karo kanca-kanca kang ana ing sekolahan biyasa. Dhewekake ora bisa bangga menawa arep omong-omong marang kancane dhewe merga uwis kalah tingkat uga setatus tumrap sekolahane. Kosok balen, kang sekolah ana sekolahan favorit bisa bangga merga dheweke ngrasa yen tingkate sekolahane luwih dhuwur katimbang sekolahan biasa. Pramila, pangrasa mau banjur gawe kanca kabeh pingin sekolah ana sekolahan favorit.
Kanthi tulisan iki takjaluk kanca kabeh padha eling. Apa kang digayuh kuwi mau mung prekara urip ana alam donya. Kang ora bisa ketampa ana sekolahan faforit aja patah semangat. Kang ketampa sekolah ana sekolahan favorit aja banjur umuk. Kabeh mau isih bab sekolah. Bab saperangan anggone nglakoni urip. Kasil tenan orane urip isih prelu wektu luwih dawa.
Ana maneh babagan pelajaran. Saiki uwis akeh banget materi pelajaran kang diwulangake ana sekolahan kayata: IPA, IPS, Bahasa Inggris lan sakpanunggalane. Kabeh mau diwulangake supaya bisa paham materi-materi kanggo kelulusan. Ning, merga saka pelajaran-pelajaran kuwi mau, pelajaran basa Jawa, uga adat istiadat jawa malah kayadene ilang. Bab kuwi kaya ketilep dening ajuning jaman. Akeh kanca nom-noman saiki kang ora ngerti adat istiadat Jawa. Saka kuwi mau, kahanane dadi kaya tetembungan "kanca-kanca ilang perangane marang babagan basa". Uga tumrap sastra lan budayane.
Kanca-kanca saiki yen padha sekolah ora ngerti bab tata karma, tandang tanduk. Basa lan kabudayan Jawa wis ora digunakake maneh dening kanca-kanca jaman saiki. Apamaneh saiki uwis ana kabudayan utawa kebiasaan gaul. Bab kuwi mau gawe lunture kabudayan Jawa ing donya. Watake kanca-kanca uga uwis bedho yen kacocogake karo jaman biyen. Kanca-kanca jaman semana isih banget nguri-uri tata krama uga adat Jawa. Mula kanca kabeh pada pinter, ning atine ora mati. Pintere ora banjur mung kanggo minteri liyan. Kepara, pintere malah kanggo mbantu kanca-kanca supaya paham.

141