Kaca:Sapu.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SEKOLAH
Miftakhul Nur Wakid
SMK Ma'arif 1 Nanggulan



Jaman saiki anggone kanca-kanca sinau ana sekolahan pancen uwis maju. Babagan pendidikan, fasilitas, uga peralatan kang wis ana ing sekolahan uga maju. Pramila anggone sinau saiki gampang banget. Menawa materi saka guru kurang, dheweke bisa nggolek ana dunia maya utowo internet. Saliyane kuwi, mlaku menyang sekolah dhewekan uga ora kangelan awit uwis ana kendharaan dhewe uga transportasi umum. Mangkat sekolah uga uwis dikepenakake. Upamane, dicepaki sanggu, diwenehi sarapan bernutrisi. Apa kang dibutuhake kanca-kanca nalika arep mangkat sekolah iya uwis dicepaki dening bapak lan ibune. Satemene kanca-kanca saiki uwis padha mulya uripe. Apa-apa kang dikarepke uwis ana gari nembung wae; apa kang dikarepne bisa keturutan.
Ana sekolahan kanca-kanca uga biso milih sekolahane. Sekolahan endi kang paling apik. Merga saka gampange mau para kanca bisa seneng ing sekolahan awit sekolahan mau pancen sekolahan sing dipenginake. Sekolahan sing dipengini mau lumrahe sekolahan favorit. Yen pancen ketampa ana kana kanca-kanca bisa mongkog. Awit, sekolahane favorit iku sekolahan kang luwih apik katimbang sekolahan liyane. Mula kuwi, para kanca banjur nguyak piye carane bisa ketampa ana sekolahan favorit kuwi mau.

140