Kaca:Sapu.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Tradhisi sepasaran kuwi yen disambung-sambungake bakal nggiring marang tradhisi liyane kang luwih akeh. Tujuane sepasaran sing utama, yaiku muhung kersane Sing Kuasa. Anane sijabang bayi lan anane sepasaran iku lantaraning wujud syukur marang Gusti Allah SWT.
Kabeh crita ing dhuwur ngleluri tradhisi budhaya nenek moyang. Adat wong Jawa iku kena dipercaya apa ora. Nanging luwih apik yen awake dhewe ngleluri utawa nglestarekake adat mau. Ora ana rugine kanggo sing nglestarekake. Sepasaran iku kanggo ngelingake kawulane marang Gusti Allah.

139