Kaca:Sapu.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Yen wis puput puser, saben lawang diwenehi sesembur. Sesembur iku pratandha anane bayi lair. Gunane kanggo nulak sarapsawan. Sarapsawan iku kadadean saka para sadulure bayi. Sarapsawan iku lelembut. Yen ora digatekake, banjur ganggu gawe. Dene sadulure bayi, yaiku kutilapas kethek (bungkus), cemeng demalung (kawah), asu ajag (ari-ari), bantheng (getih), kebo (kelem), menjangan (ilu), kidang (kunir landhesan pangethoking ari-ari). Kanggo tulak bala uga digawekake dolanan kayata payung, gendera, umbul-umbul kang kagawe saka kertas, kerisan, lan tumbak kang digawe saka pring. Kabeh mau ditancepake ing gedebog. Kajaba iku sawengi muput bayi kudu dipangku, wayah esuk byar si bayi lagi kena diturokake. Ing peturone bayi diwenehi gandhik kacorek-corek enjet kaemba wong. Uga ana tampah kanggo nyelehake among-among kalemekan godhong senthe. Bebarengan karo puput puser iku si bayi diwenehi jeneng.
Sesembur iku masang godhong-godhongan ana ing pojok omah lan ing dhuwur lawang. Dene godhong-godhong kang dianggo kayata godhong gempur, irah-irahan, nanas, kerisan (pring ireng dicorek enjet bentuk keris), lan kupat luwar. Kabeh mau ditaleni sadurunge dipasang ing papan-papan kang kesebut ing dhuwur. Beda meneh sing diselehake ana ing kamare bayi. Ana jejamuan (kunir, temulawak, temu ireng, dlingo, bengle, temu giring) kang diiris-iris cilik disundukake ana ing sapu sada bekas. Yen uwis banjur dipasang, didegake ing sikil amben. Jejamon mau kanggo tulak balak.
Ing jaman simbah-simbah biyen, yen ora gawe sesembur, bayi utawa wong tuwane bisa diganggu lelembut. Wujude disebutake kaya bethara kala utawa kunthilanak (julung pujud). Yen ana bayi lair wayah surub, jaman biyen banjur dikurungi ana ing jaba omah. Nek, pesthine bocah kuwi elek, bisa dipangan bethara kala, nanging yen bayi kuwi wis kalis saka sambikala ora kena apa-apa.

138