Kaca:Sapu.pdf/151

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

jawa. Dene pelas iku isine pupus godhong dhadhap, godhong turi, lan godhong pace kang dianggo mbungkus parutan kambil.
Sakliyane kuwi ana sing nambahi gawe jenang. Digawe saka sega kang dicampuri uyah lan gula jawa (kanggo menehi wama abang). Anggone gawe cacah 4, abang, putih, abang putih, lan palang. Rujak degan, arang-arang kambang (wedang diwenehi gabah kang uwis dibakar sadurunge). Boning-baning, yaiku banyu mentah kang diwadhahi gelas utawa cangkir. Jerone diwenehi godhong dhadhap. Cacahe rong lembar, didadekake setangkep utawa ditangkepake.
Kabeh ubarampe slametan iku ditata ana ing dhuwur meja kanthi rapi. Yen wis mangkono kari nunggu sesepuh sing uwis dipercaya supaya ndedonga. Sakuwise, slametan banjur didum marang wong-wong sing gendurenan. Gendhuren kuwi acara sing ditunggu-tunggu.
Ora kabeh wong mangerteni teges utawa makna slametan lan apa tegese sawerna-wernaning panganan sing digawe. Miturut crita kang keprungu ing masyarakat, teges/maksud seka slametan mau ora kena diomong-omongake. Jare, bisa mbukak wadine wong tua. Padha kaya wong yen lagi jejapa ora oleh omongan seru-seru, kudu lirih.
Syarat liyane kang ana sesambungane karo sepasaran bayi, yaiku obor-obor. Saka bayi lair tumeka wektu sepasaran, bapakne bayi kudu obor-obor saubenge omah. Diwiwiti saka jero kamar bayi, penere ngisor amben sing dianggo turu. Banjur metu saka omah. Muter arahe nengen kaping telu. Wektune yen wis ngadhepake maghrib pas surup-surup. Kang dianggo obor yaiku campuran blarak wit jambe karo wit kambil.
Ana ing aruman (papan sing dianggo mendhem ari-ari) diwenehi diyan senthir (lampu teplok) lan nyamu kang diobong. Nyamu kuwi digawe saka gombal/kain ditampar, dawane dikira-kira bisa entek sasuwene wengi. Wektune ngobong bareng karo obor-obor.

137