Kaca:Sapu.pdf/150

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Biyen tau ana kadadean. Nalika sasuwene ngenteni bayi lair, ana wong tuwa duwe ujar/nadar kepingin nanggap kethoprak. Nanging, sauwise wong iku lali karo nadare. Eee ora ngira, nalika bayine lair normal, nanging durung ana sesasi bayi mau kerep kena lelara. Diobatke marang dokter ora ana sudane. Ban- jur digawa menyang dhukun lan dielingake menawa duwe nadar sing durung dilakoni. Uwong mau banjur golek dina kanggo kethoprakan. Sawise kethoprakan, anggone lelaranen ora tau kambuh.
Percaya orane marang bab kaya mangkono mau gumantung pikirane dhewe-dhewe. Nanging, crita mau kasunyatan kang aku ngerteni dhewe. Saben wong pancen beda-beda. Yen ana kadadean kaya ngono, ana sing mikir amarga kesayahen, apa malah amarga kabotan jeneng. Yen wis kabotan jeneng umume banjur diganti, jenenge dicendhakake.
Ubarampe sing kanggo sepasaran iku werna-werna. Ing bab iki gawean lumrahe dipercayakake marang simbah-simbah utawa wong sing bener-bener ngerti bab kuwi. Tumpeng sing digawe cacahe 3. Tumpeng robyong, tum- peng sing diwenehi hiasan kayata kacang dawa, lombok utawa bawang. Tumpeng alus, tumpeng kang digawe saka sega biasa. Tumpeng rasulan, tumpeng kang kagawe saka sega diwenehi campuran parutan kambil lan uyah (sega asin). Golong, yaiku sega kang digawe bunder-bunder. Dibedakake dadi 2, sing siji cacahe 12 lan sijine cacah 2 (sejodho). Saliyane kuwi, gawe ambengan, yaiku sega kang diwadhahi piring cacah 6. Nanging sing 2 diwenehi brokohan (jangan/sayur sethithik). Ana jangan/ sayur, pentho gembut digawe saka campuran parutan kambil lan tepung. Pentho klathak kagawe saka parutan tela kaspa. Ubarampe liyane, yaiku gudhangan. Nanging, bumbune beda, ora kaya umume. Bumbune dicampur karo parutan lempuyang. Olahan pitik/ingkung, lan sega liwet tua, yaiku sega sing isih ana ing ketel. Sadhuwure sega mau diwenehi pelas lan endhog pitik

136