Kaca:Sapu.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Karepe, ngirim donga marang Allah SWT minangka wujud syakur awit laire si bayi Kurwi.

  Ana sing nganggep nggawe among-among/sepasaran iku kelebu tumindak ala. Panganggep mau magepokan karo isih anane obong-obongan menyan. Mula iku, ora kabel warga masyarakat padha nglakoni. Beda karo pamikire wong-wong dhaerah Kulon Progo sisih lor. Ing kana saben ana bayi mentas lair, mesthi padha nggawe sepasaran. Sepasaran bayi karo sepasaran-sepasaran liyane beda, saka dina utawa wektune, apa maneh uba rampe sing dianggo nyukupi.

  Anggone nggawekake sepasaran, yen bayine lanang, iku ing dina ganjil (ka-7 utawa ka-9), Nanging, yen wedok, ana ing dina ganep (ka-6 utawa ka-8). Ora mung among-among sing digawe. Sing banjur nganakake gendurenan uga ama. Yen diumpamakake, sepasaran ngono mau kaya dene tetembungan makan bersama ing basa Indonesia.

  Ibu Suharti, salah sawijine warga desa Sidomulyo, Pengasih, Kulon Progo ngendhika yen nganakake genduren kuwi duwe teges shodaqoh. Dadi, minangka wujud sukure keluwarga awit laire si jabang bayi. Dadi, sing ngrasakake senenge ora mung wong saomah, tangga teparo/masyarakat ya padha bisa ngrasakake senenge. Ora mung kuwi, yen nganti nganakake genduren, wong-wong sing pacha teka kasuwun melu dongakake bayine. Dadi, ora mung teka banjur mangan. Sing paling utama, yaiku meludongakake. Mujudake pangarep-arep kang apik kanggo si bayi.

  Kaya sing uwis ditulis ing dhuwur, angeone sepasaran iku werna-wema. Ana sing kepingin sepasaran iku ora mung sedherhana utawa prasaja. Tegese, kepengin sepasaran lan uga nampa sumbangan tamu. Ana uga sing kanthi nanggap kesenian, kayata jathilan, wayangan, kethoprak, lan liya-liyane. Sing kaya mangkono mau, amarga nalika si bayi durung lair utawa uwis lair, bapak/ibu/keluwargane duwe uni/nadar, Apa nadare kudu dilakoni kanthi temenanan supaya ora ana alangan apa-apa.

135