Kaca:Sapu.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
APA IKU SEPASARAN?

Kastiwi

SMK Ma’arif 2 Wates

  Indonesia iki kadadean saka pirang-pirang pulau. Awit saka iku, mulane akeh adat, tradhisi sing maneka warna kanthi piguna kang uga beda-beda, Salah sijine tradhisi sing ana ing Jawa, yaiku sepesaran. Apa ta sing dikarepke sepasaran kuwi? Mesthine ya wis padha tau krungu tembung sepasaran iku.

  Tradhisi sepasaran iku uwis ana kawit jamane simbah-simbah biyen. Dadi, anane asipat turun-temurun marang anak putu nganti jaman saiki. Suwe-suwe, trep karo owah-owahaning jaman, mboko sethithik sing nganakake sapasaran saya suda.

  Tradhisi Jawa sapasaran kanggone wong meteng tku kudu disranani: nelung sasi, nglimani, mitung sasi utawa tingkeban, lan yen wis cukup wektune umume 9 sasi 10 dina bayi lair, Bayi kang uwis lair iku ya tetep kudu disarati utawa dislameti, manging beda karo syarate wong meteng. Wujude, puputan utawa puput puser, agiqah, selapanan, tedhak siten, Lan liya-liyane.

  Sepasaran iku diperang dadi werna-werna, kayata sepasaran bayi, sepasaran manten, Sepasaran omah uga ana. Sakuwise bayi lair, sapa ta sing ora kepingin bayine nampa slamet sajroninging uripe? Saben wong tuwane mesthi duwe pikiran padha, kepingin anake slamet, ora kena lelara, lan liya-liyane. Mula iku, ora sethithik wong tua padha nggawekake among-among kanggo anake. Among-among meh kaya sesajen, didongani.

134