Kaca:Sapu.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

toko gedhe, nanging uga ana ing dalan-dalan cilik. Ing desa-desa saiki uga akeh sing dodol HP.

  HP wis ora bisa dipisahake saka uriping manungsa. Gunane HP wis ora mung kanggo nggampangake sesambungan, Ora percaya? Delengen wae, iklan-iklan HP ana ing tv. Sing ditawakake dudu HP, nanging malah radio, lagu-lagu, photo, lan wujuding HP ikudhewe. Manungsa rila gonta-ganti HP merga HP-ne wis dianggep kuno lan prelu diganti karo sing luwih anyar.

  Apa manungsa bener-bener mbutuhake buku? Buku iku sajatine kanca setyane manungsa kawit jaman biyen, Buku, yaiku guru sing ora tau mesu. Ana ing jero buku akeh pitutur migunani. Buku iku penting banget awit minangka sumber ilmu, Yen ora ana buku, manungsa ora bakal sukses kaya saiki. Yen ora ana buku, ora bakal ana internet lan aku ora bakal bisa nulis tulisan

  Mula iku, ora bisa diselaki maneh menawa manungsa mbutuhake buku, Sejatine manungsa ora bakal mati amarga ora maca buku. Nanging yen ora maca buku, manungsa ora ana bedane karo kewan sing uripe ora maju-majune,

  Apa ta gunane buku? Buku iku sumber ilmu. Sumber sing ndadekake manungsa luwih maju saka sadurunge. Sing mbedakake manungsa saka kewan. Mula, buku nduweni piguna kang penting kanggone manungsa.

  Lha kabeh manungsa apa wis maca buku? Durung kabeh manungsa bisa nggunakake buku kaya HP. Toko HP wis ana ing ngenidi-ngendi, seka dalan gedhe rame tekan dalan-dalan cilik, nanging toko buku mung bisa ditemukake ing toko-toke buku lan shopping center.

  Awake dhewe bisa ngetokake duit Rp. 2,000,000 utawa luwih kanggo gonta-ganti tuku HP. Nanging, awake dhewe rumangsa abot yen arep ngetokke dhuwit Rp. 30,000 utawa Rp.50,000 kanggo tuku buku. Awake dhewe umuk HP karo uwong liya, nanging awake dhewe isin yen diomongke seneng maca buku. Kabar ing TV nggambarake wong sing seneng maca buku

131