Kaca:Sapu.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

iku dianggep uwong sing kaku, ora seneng kekancan, nganggo kaca mata kandhel, lan ngango klambi kuno.

  Kabeh media massa, film, sinetron, nganti cerpen lan novel, nggambarake wong kang seneng maca buku dadi manungsa kang angel lan kaku ing pasrawungan ulawa memutran. Amarga meripat nganggo kaca mata kandel, wong nganggep penampilane kung. Sajroning sinetron ana kang nggambarake wong serem saengga tega merjaya marang sapepadha. Malah-malah anggone moerjaya kanthi ngguyu sora. Gegambaraning wong kang seneng mata buku ing sinetron kaya-kaya paricen digawe lelucon. Sajatine, wong kang sregep maca buku dadi wong pinter, intelek, lan duwe pamawas kang jembar saengga dieringi wong akeh lan dadi panutan.

 Apa bener buku ndadekake manungsa dadi kuno? Ora bener! Kepiye carane para pakar bisa nyiptakake HP kang sarwa canggih? Salah sijine, iku amarga sregep maca buku! Kepiye carane para pengusaha televisi bisa kasil anggone gawe acara sing bisa narik kawigaten saengga kita para pamiarsa iki dadi lan duweni rasa gumantung marang acara televisi? Salah sawijine amarga deweke maca buku bab kepiye anggone bisa nglayani para pemirsa kanthi acara-acara kang nengsemake.

  Mula buku kudu didadekake salah sawijining sarana manungsa nata anggone urip ing jaman modheren. Buku uga dadi sarana supaya manungsa bisa tumuju kahanan kang luwih apik. “Buku bisa nglairake HP” nanging HP ora bisa nglairake buku, kajaba buku tuntunan kang ana sajroning kardus HP anyer.

  Kang dadi masalah mono sajatine mung marga saka banget tresnane manungsa marang HP, nanging ngiwakake buku. Pancen manungsa ngaanggep HP dadi bagian gayane urip. Suwalike buku kaya-kaya dadi bebane urip. Dienggo yen mung menawa mbutuhake banget.

  Saiki, ayo padha takon marang awake dhewe-dhewe, "Apa HP sing kita tresmani iku bisa ndadekake urip kita luwih sake sadurunge? Apa HP kang kita tersnani iku bisa ndadekake

132