Kaca:Sapu.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
BUKU MUNGSUH HP

Johans Anggry Saputra

SMK Bopkri Wates

  Apa manungsa mbutuhake HP? Ing jaman modheren kaya saiki, rasane kaya ana sing kurang yen awake dhewe ora duwe HP. Pancen manungsa ora bakal mati amarga ora duwe HP. Nanging, barang siji mau wis kaya kuwajiban, Manungsa kudu nduweni.

  Apa paedah utamane HP? Sing mesthi kanggo nggampangake sesambungan. HP kanggo sesambungan karo wong liya nge nani bab-bab penting, utawa rikala awake dhewe adoh saka omah. HP iku barang sing luwih modheren lan praktis katimbang telpon omah. Sabab, HP iku bisa digawa menyang ngendi-endi. Nanging, manungsa ora bisa tau marem. Rasane isih ana sing kurang yen HP mung bisa dianggo sesambungan wee. Luwih kepenak yen HP uga bisa dinggo ngrungokake radio, ngrungokake lagu, bisa dinggo dolanan, lan uga bisa kanggo ndelok TV. Dadi, gunane HP iku saiki mlenceng adoh. HP saiki ora mung kanggo sesambungan manungsa, HP jaman saiki kanggo nuruti sawemaning pepinginane manungsa sing ora ana enteke.

  Ganti dina, tambah akeh uwong sing duwe HP. Saiki HP dudu barang sing larang, nanging dadi barang sing diperlukake. Tukang ojek lan tukang batu wae saiki padha duwe HP. Pangedole HP lan sing nganggo HP iku terus tambah. Iki sing nyebabake bakul HP dadi akeh banget. Toko HP ora mung ana ing

130