Kaca:Sapu.pdf/139

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

  Lady Gaga migunakake aliran glem rack utawa penampilan kang sarwa mewah. Malah, kapetung saru yen ing video klipe. Migunakake dandanan kang ora pantes lan sandhangan kang minim. Miturut saperangan pengamat, iku dianggep kreativitas, nanging saperangan liyane nganggep ora saklumrahe sanajan dipetung minangka artis. Tata cara busana kang mengkono jelas beda kara tata cara busana masyarakat Indonesia. Kabeh mau ndadekake Front Pembela Islam (FPI) lan Majlis Ulama Indonesia (MUI). Protes supaya konser iku ora sido dianakake. Angkahe, njaga supaya moral bangsa Indonesia ora ketularan budaya asing kang ora pantes didadekake panutan.

  Sakliyane amarga sandhangane Lady Gaga kang ora pantes kanggo bangsa Indonesia, Gaga asring migunakake pralambang-pralambang lan lagu-lagu kang ngece lan nyepelekake Gusti Pangeran. Amarga iku, konser Lady Gaga oleh protes saka masyarakat. Perkara iki wis nyalahi ideologi Pancasila lan ora bisa ditampa maneh. Masyarakat Indonesia eling apa kang sinebut ing sila kaping 1, yaiku sila Ketulanan Yang Maha Esa. Sila mau menehi teges yer: masyarakat Indonesia mujudake masyarakat kang duweni Tuhan. Tuhan kepercayaane agama dewe-dewe. Dadi yen nyepelekake Tuhan, ateges wis nyepelekake harga diri masyarakat kang duwe agama.

  Anane alesan-alesan ing duwur, kepolisian banjur ora ngolehake acara konser iku. Kabeh tiket kang wis dituku kudu dibalekake maneh. Saperangan penonton cuwa marang keputusan mau awit ora bisa nonton langsung konser idolane, Kosok balen, uga akeh masyarakat kang setuju lan seneng tumrap keputusan iki, mligine masyarakat kang peduli marang moral lan jati diri bangsa Indonesia. Sing baku, kabeh mau minangka sawijining upaya pamarentah kanggo njogo jati diri bangsa. Njogo supaya ora rusak lan ora luntur, Pancen budaya asing dibutuhake, nanging kudu bisa milah lan milih, Endi kang pantes lan endi kang ora pantes. Budaya kang menehi manfaat, bisa kita jupuk lan

127