Kaca:Sapu.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

tiru, nanging yen budaya mau elek wis saklumrahe kita tinggal lan kita buwang. Yen golek seni lan kreativitas, ora kudu nganggokake penampilan kan nyalahi tata karma lan tata susila.

  Kedadean iki, ndadekake piwulang lan ujian kanggo bangsa Indonesia. Supaya luwih ngati-ati karo budaya asing kang mlebu ing masyarakat. Supaya luwih nguwatake cekelan kang wis diwarisi para leluhur. Yen pancen kepengen seni lan kreatif, ora kudu nganggo barang-barang kang seronok. Isih akeh dalan-dalan liya kang tetep nganggo ajaran agama lan tata susila kang ana ing masyarakat.

 Nanging, kabeh mau mbalik tumrap awake dewe, Awake dhewe kudu terus ngandelake iman lan terus nyinau apa kang diwarisake leluhur. Nyinau lan nglakoni apa kang kudune dilakoni, Kudu pinter milah lan milih. Kepiye carane supaya ora gampang kegawa arus budaya barat kang wis mengglobel. Uga ora mencla-mencle tumrap jati diri supaya bangsa Indonesia tetep duweni ideologi kang kukuh.

  Ndadekake keprihatinane awake dewe, yen muda-mudi saiki luwih seneng budaya manca tinimbang budaya dewe. Yen ana pagelaran kesenian lokal, bisa kaetung cacahing cah enom kang nonton. Nanging, yen ana konser penyanyi manca, dhuwit piro wae ikhlas ditokkake kanggo tuku tiket. Iki wis dadi pratandha yen kudu ana pambudi kanggo ngelingake masyarakat supaya nggatekake lan nglestarekake kabudayan dewe. Ora kelantur-lantur keli kabudayan marca.

 Kang kaya mangkene iki kudune bisa ngelingake para wong tuwa supaya bisa ndhidhik lan njaga anake kang bakel dadi penerus bangsa. Njaga supaya ora gampang kena pengaruh budaya asing. Wong tuwa kudu tansah ngelingake anak-anake supaya nguri-uri kabudayan dewe tinimbang kabudayan liyar. Kajaba kuwi, kabeh kudu tangah isih tetep duweni semangat Pancasila. Kudu bisa mbedakake sing bener lan sing salah. Milah lan milih budaya asing kang bisa dijupuk lan didadekake panutan utawa

128