Kaca:Sapu.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

  Akeh masyarakat Indonesia kang wis keblinger lan kegawa arus budaya modern, Kebacut kena racun budaya asing kang miebu ing negri iki. Kaya wis ra kenal turmrap kabudayane dewe. Budaya lokal warisane Jeluhur kang kudune diuri-uri, sithik mboke sithik, luntur kaganti budaya asing. Masyarakat Indonesia bingung apa kang dad ugemane, Wusana, mung bisa melungalor ngidule jaman, Ora kebayang 10 tekan 20 taun maneh Indonesia bakal dadi apa yen masyarakat Indonesia ora gage melek lan eling. Masyarakat Indonesia kudu bisa njaga budaya lan adat kang wis diwarisake para leluhur, Aja nganti budaya barat gampang mlebu Indonesia lan ngrusak budaya Indonesia kang kondang kebak tata krama lan sopan santun. Indonesia kudu bisa legas yen pengen tetep duweni jati dhiri.

  Lady Gaga mujudake kreativitase kanthi manganggo kostum kang aneh-aneh ing saben konsere. Kanthi klambi kang lan minim saengga ngatonake wujuding awake. Nanging, kang paling njengkelake para pecinta satwa, Gaga tau penlas kanthi klambi kang digawe saka daging kewan mati, Pakean lan dandan kang kaya mangkono mau cetha ora gumathuk karo kabudayan bangsa Indonesia. Awit saka iku, konser “Lady Gaga : Born This Way Born Ball Tour” mau, kejaba oleh sikap prosaka masyarakat Indonesia, uga ditolak dening saperangan liyane. Saka bacah SD, mahasiswa, santri, lan tokoh-tokoh masyarakat nganakake protes supaya konser iku dijugarake utawa dibatalake. Tumrep para pengamat, tata cara konsere, tata cara busaname, lan lagu lagune ora cocok karo budaya wetanan kang nguri-uri adap sopan santun. Mula, bisa diarani mbebayani turmrap moral bangsa Indonesia. Apa maneh, kanggo para nom-noman kang durung bisa mbedakake bener lan salah, kreatif utawa ngrusak moral. Temtu mrihatinake yen para pemuda penerus bangsa Indonesia iki nganti kena racun budaya asing.

  Pancen Lady Gaga ayu parase. Nanging, supaya bisa ditampa dening sawernaning masyarakat donya ora mung cukup modhal ayu. Sopan santun uga kudu digatekake. Ing saben konseré.

126