Kaca:Sapu.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NJAGA MORALITAS

LAN JATI DHIRI BANGSA
Fajar Eka Setiawan

SMK Negeri 1 Panjatan

  Ing taun 2012 iki, ana kedadean penting ing donya musik Indonesia. Kedadean kang bakal dadi sejarah paling gedhe tumrap pagelaran musik Indonesia. Kedadean mau, yaiku bakal anane konser penyanyi pop Amerika, Lady Gaga. Konser iki rencanane digelar tanggal 3 Juni 2012 ing Jakarta, Pecinta musik Indonesia kaya digegerake, Apa maneh masyarakat kang nge-fans karo Lady Gaga. Ora peduli larange rega ket, sing ang ing pikire, yaiku bisa nonton langsung artis kang dadi idolane.

  Pancen, Lady Gaga, kang duwe jeneng asli Stefani Joanne Angelina Germanatta, lagi kondhang kaloka kanthi albume Born This Way. Lady Gaga pancen nduweni prestasi kang ora setitil, Rupa ayu, suara kang apik, lan penampilan kang spektakuler ing Panggung ndadekake penyanyi iki duweni pandhemen akeh, ora mokal, tekane ing Indonesia ndadekake horeg lan umyege kabeh lapisan masyarakat. Akeh masyarakat kang rebutan golek tiket konsere artis may, Ora prelu wektu suwe kangeo adol ngentekake tiket. Kabeh wis kedol lan jumlah penontone kurang luwih 50 ewu. Iku duda gunggung kang sethithik. Kabeh mau dadi pratandha antusiasme masyarakat Indonesia tumrap konger kang bakal digelar ing Stadion Gelora Bung Karno, Jakarta iku. Ora ngerti apa kang ana pikirane para fans iku. Bokmenawa, kaya-kaya bakal weruh wong kang paling ampuh ing donya.

125