Kaca:Sapu.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

kedah namung nengsemaken, ananging ugi kedah kebak pituduh lan piwulang, ingkang kaemot ing salebeting crita, sandang panganggo, punapa dene jejogedanipun. Sedaya wau kedah saged dados tuladha sajroning pasrawungan.

  Ing jaman globalisasi punika sedaya kesenian, kerajinan, menapa dene lelagon saged kadadosaken lahan indhustri, kalebet jathilan. Pihak-pihak wau ngewshi jathilam dados barang industri. Ugi, mangsulaken jathilan dados kesenian ingkang anggadahi nilai luhur lan nilai sosial kados jaman wiwitanipun. Wonten ing jaman rumiyin, jathilan dipunginakaken dados pengawel kegem ngramekaken iring-iringan temanten utawi lare ingkang dipuntetaki. Sakmenika, jathilan namung dados hiburan ingkang dipunmanpangataken saprelu pados keuntungan, Pihak-pihak wat saged nglebetaken rekaman jathilan wonten ing CD lajeng dipunsade kanthi bebas ing pasaran. Bab meniko saged anggadhahi dampak positif, nanging ugi negatif gumantung pamawas ingkang dipunginakaken. Kapetang sae, awit jathilan ingkang sampun awujud CD saged dipunpirsani sinten kemawon tanpa winates wekdal, kalebet tiyang manca negara. Benten kaliyan jaman rumiyin, jathilan namung saged dipunpirsani masyarakat Jawa Tengah lan Jawa Timur, Namung kemawon, jathilan awujud CD kirang nengenaken bab piwulang amargi sampun dados barang industri. Alur crita ugi dipunsuda.

  Era globalisasi mujudaken jaman kang kawontenanipun kadosdene tanpa wates ing antawisipun negara setunggal lan setunggalipun. Informasi ugi saged sumebar kanthi cepet. Kanthi kawontenan menika, jathilan saged katonton sinten kemawon, saking papan pundi kemawon. Kita kantun mbikak internet download utawingunduh file video, lajeng mendhet gambar jathilan saking Youtube, utawi situs sanesipun. Kawontenan menike ndadosaken tiyang saking manca wonten ingkang remen budaya kita, kalebet jathilan. Ananging kita ugi kedhah nglestantunaken lan nguri-uri budaya kita supados boten dipunaku negari sanes, kados ingkang sampun kadadesan ing Reog Ponorogo, tari

122