Kaca:Sapu.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bhasa dan Sastra Jawa 2012


Pendet, Kuda Lumping, Angklung, lan sanesipun. Bangsa ingkang ageng inggih punika bangsa ingkang saged ngajeni budayanipun piyambak. Globalisasi sampun ndadosaken daya ingkang kirang sae tumrap solah bawanipun masyarakat, langkung-langkung tumrap generasi mudha, Generasi mudha langkung remen ningali tontonan modem, kades konser band lan sanesipun ingkang rinaos langkung mengsemaken tinimbang tontonan tradisional, kadosta jathilan. Persaingan ing dunia industri sampun nggeser kebudayaan nasional saengga saged punah. Sakyektosipun, kesenian tradisional menika nggadhahi nilai-nilai ingkang luhur lan langkung edi tinimbang kesenian modern. Limtahipun kesenian modern namung ngemot hiburan saha budaya barat ingkang boten cocok kaliyan budaya bangsa Indonesia.

  Perkawis-perkawis wau saged kacandhet kanthi tumindak makaten.

  1. Nuwuhaken krenteg supados masyarakat purun nglestantunaken lan nguri-uri kesenian tradisional kalebet jathilan. Kanthi kesadaran ingkang ageng tumrap pentingipun nilai-nilai budaya wau, kesenian lan budaya tradisional saged lestantun lan boten kaanggep kawon kaliyan budaya moder ingkang asipat individualis lan konsumtif Kangge nuwuhaken kesadaran wau, prelu kaudi supados jathilan lan kesenian tradisional boten namung dados kesenian kagem masyarakat ing pedusunan. Nanging, mujudaken petanganing kesenian tradisional Indonesia.
  2. Mikul dhuwur saha ngaosi dhumateng budaya-budaya tradisional minangka bagian saking budaya nasional. Masyarakat kedahipun ngaosi dhateng kesenian tradisional kalebet jathilan. Menawi boten kita piyambak ingkang ngaosi lan nglestantunaken kesenian punika, lajeng sinten malih? Menapa kita boten nggadhahi raos isin menawi kabudayan Indonesia ingkang luhur dipunaku lan langkung dipunremeni dening tiyang manca? Kanthi menika, mangga

123