Kaca:Sapu.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

ewahipun pacdah jathilan ingkang magepokan kaliyan jathilan ingkang wiwit kadadosaken peranganing lohan industri. Kajawi menika, ugi awit susutipun pandhemen. Awit saking punika, pamarintah kedhah ngupadi supados kesenian tradisional, kalebet jathilan, saged lestantun lam boten kecalan paedah tuwin manpangat sosialipun. Kejawi punike, ugi dipunbetahaken, inggih punika wontenipun paraga saking genetasi mudha. Pramila, kaedah kaudi kados pundi penerasi mudha saged remen lan ngajeni malih dhateng kesenian tradisonal. Inpkang dados pitakenan wekdal punika, kita sedaya purun nindakaken menapa boten? Sedaya wau kedah gage saderengipun dipunaku minangka kabudayan bangga sanes,

  Jathilan sejatosipun angeadhahi alur crito ingkang ngandhut nilai-nilai luhur kados dene tarian sanesipun. Namung kemawon, ing wekadal samenika, ingkang dados kawigatosan masyarakat boten tumuju ing alur crita utawi nilai-nilai sosialipum. Masyarakat langkung remen ing babagan nalika penari utawi paraga jathilan kesurupan lajeng nglampahi atraksi ingkang mhbebayani. Kawontenan menika ndadosaken adegan kesurupan lan atraksi-atraksi langkung dipunmonjokaken tinimbang crita tuwin suraos pitedah-pitedah sanesipun. Kawontenan wau kaudi supadoe masyarakat negadhahi kawigatosan lan remen malih ningali jathilan, Kanthi makaten, kaangkah sageda ngindakaken pemasukan lan ningkataken jadwal pentas.

  Ewa samanten, miturut pamawas sanes, kawontenan wau saged nglunturaken nilai-nilai sosial ing kesenian jathilan. Tiyang ingkang nonton jathilan boten mangertosi nilai-nilai lan alur critanipun, Bokbilih, malah ugi para paraga utawi penari jathilan menika piyambak, Menawi sampun mekaten, inti crita ingkang badhe dipunlakonaken mawi tarian punika sampun kaanggep boten penting. Ingkang penting, kados pundi caranipun supados penonton remen. Sinten ingkang kedah tanggel jawab ing kawontenan menika wau? Boten wonten ingkang saged dipunle pataken. Ingkang baku, satunggaling kesenian punika boten

121