Kaca:Sapu.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KESENIAN JATHILAN

Eko Sapto Subur Januaji

SMK Ma‘arif 3 Wates

  Jathilan, yaiku salah setunggaling tarian rakyat ing tlatah Jawi ingkang nggathukaken unsur gerak, joged, lan magis. Kesenian ingkang saged dipunsumerepi ing dhusun-dhusun ing tlatah Jawi menika ugi katelah jaran kepang. Kesenian punika dipun-wiwiti kanthijogedan utawi tarian ingkang dipuniringi gamelan, kadosta saron, kendhang, gong, lan sanesipun. Salajengipun, para penari ketingal kados kangslupan roh utawi lelembut saenge boten emut dhumateng ingkang dipuntindakaken, Wonten ing kesenian jathilan, penari ugi nindhakkaken pamer kapinteran ingkang boten saged dipuntampi nalar, kayata boten ngraosaken sakit sanajan dhahar beling, mawa utawi latu, lan sanesipun.

  Ing kesenian jathilan wonten setunggaling pawongan ingkang mandegani utawi dados pimpinanipun para penari. Tiyang wau mbekta pecut utawi cemethi. Pawongan menika nggadhahi tugas ingkang penting sebab kedah ngatur lan ngendhaleni roh ingkang ngrasuk salebeting raga penari. Pawongan wau katelah dukun.

 Kesenian jathilan sami kaliyan tari-tarian sanesipun ingkang alur critanipun dipunwujudaken kanthi gerak tarian. Kesenian tradisional ingkang sampun woriten wiwit ing kuna uni sarmenika sampun dipunprabawani jaman globalisasi saengga ngirangi nilai-nilai sosial jathilan. Susute unsur-unsur asli jathilan tuwin

120