Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bhasa dan Sastra Jawa 2012
Masyarakat ora mung ngandelake basa Nasional. Apa maneh, ana ing pendicdhikan, ana basa asing sing dadi panutane biji tes. Embuh iki padha dirasa apa ora, kaya-kaya isi negarane saiki lagi didalangi wong manca. Kaya-kaya awake dhewe kuwi mung didadekake wayang sing bisa direh utawa dipengaruhi sakepenake dhewe. Padha wae nek mburi-mburine budlaya lan basane dhewe sing cilaka.
Mula bener yen wong saiki padha kaya kelangan tata laku lan basane. Apa maneh, sajroning pendidhikan basa Jawa kuwi mung dadi muatan lokal. Ora dadi piwulang sing dipokokake. Piwulang basa jawa ing sekolah, saben seminggune mung entuk 2 jam. Kaya-kaya basa jawa mung didadekake cadhangan, Apa iya wektu mau wis cukup kanggo mangun jaras lan trepe tindak lan unggah-ungguhe siswa.
Pancen kabeh wis kaleksanan. Jaman ora bisa dindheg maneh. Awit, jagat iki wis ana sing wis ngatur. Awake dhewe mung dikongkon ngibadah lan tawakal marang sing gawe urip. Yen awake dhewe wis ora eling marang pengeran, arep dadi apa? Kaya ngapaa donya iki, kabeh mergasaka tata laku unggah-ungguhe, saka adigang adigung adigunaning awake dhewe.
Iki bisa dadi tuladha lan barang pasinaon tumrap manungsa. Wong urip iku kudu silih asih, njaga bandha budayane dhewe, lan aja kakean nuruti hawa nafsu. Yen nganti kakean numuti hawa nafsu, bisa-bisa kedlarung-dlarung saka pangaruhe sing ora becik. Dadi uwong uga aja kakean nglelet ngulet ing papan peturon wae. Sanajan lair ora duwe apa-apa, awake dhewe wajib njaga apa sing wis dititipake, diwenehake dening Pangeran.119