SAPU
Basa jawa kuwi klebu akeh lan pepak logat basane. Miturut dhaerahe, upamane basa Jawa Yogyakarta lan Surakarta. Banjur ing bab panulise lan pangucape: ditulis ngangeo huruf a. Nanging, diwaca o. Kosok baline, ing basa kang lumrah diarani basa ngapak-ngapak. Sanajan ya klebu basa Jawa, basa mau dibedakake saka basa Jawa Yogyakarta lan Jawa Surakarta. Jarene mone, amarga huruf pungkasaning, tembung kang clitulis a, ya tetep dipocapake a. Beda karo kang lumaku ing basa Jawa Yogyakarta lan Surakarta. Semono uga masyarakat ing Tegal, Banyumas, Cilacap lan khususe daerah jawa tengah. Sanajan kabeh padha ngangeo basa Jawa, saben papan mau uga ana bedane. Upamane, tembung kang ing Yogya lan Surakarta diarani aku; ing Banyumas lan Tegal diarani inyong. Tembung ing Yogya lan Surakarta diarani ora; ing Tegal diarani beleh.
Basa ngapak kuwi nek omongan kaya wong nyentak amarga huruf pungkasane diwaca cetha. Ing Banyurmas, Tegal, Cilacap tembung, bapak diwaca nganti satekaning huruf k kang dipocap meh kaya g. Dadi, tembung bapake dipocap bapage. Ing Yogyakarta lan Surakarta tembung mau (bapake) yen dilisanke, unine dadi bapake.
Kabeh samubarang kawujud marga usahane. Kayadene unen-unen, “Ana usaha mesti ana asile”. Apa maneh yen bisa nguri-uri, nemen-nemeni anggone nyinau basa Jawa mau. Yen awake dhewe melu njaga kabudayaan sing ana ing tanah jawa, mesti bakal entuk walesan sing padha karo sing dadi usahane. Becik maneh yen banjur ora mung kanggo awake dhewe pribadhi. Nanging, bisa ditularake, disebar marang liyane.
Pancen basa jawa iku akeh werna logate, amarga awake dhewe urip ana ing Negara Indonesia sing ndlwuweni suku, budaya, lan basa kang beda-beda. Nanging, manthep madhep marang tujuan kang nyawiji, yaitu “Bineka tunggal ika”. Wong Indonesia padha bisa akur, padha rukun ing pasrawungan awit anane basa persatuan Indonesia.118