Antoologi Geguritan lan Esai Bengkel Bhasa dan Sastra Jawa 2012
Dudu prakara aneh yen wong ing jaman saiki akeh sing padha nglalekake wektu. Ora liya, marga saking senenge dolanan piranti elektronika modheren, kayata HP. Kepriye ora, kanthi piranti kang cilik entheng mau, awake dhewe bisa ngleksanani sawernaning tandang gawe: telpon-telponan, SMS-an, nonton TV, utawa nge-game, Embuh marga pengaruhe piranti kang modheren mau, apa pancen menungsane sing durung ngerti, awan bengi sing diadhep lan dicekel ya mung HP mau. Sajatine mono, kita tetep prelu ngerti kapan pirembug cukup kanthi SMS utawa telepon lan kapan kudu ketemu dhewe karo uwonge. Latas karo bab kuwi, uga prelu ditetimbang apa sawijining prekara kuwi pancen prekara kang prelu dikabar-kabarake utawa cukup dingerteni kanggo awake dhewe. Semono uga, ing bab migunakake fasilitas liyane, TV utawa game. Aja saben saenggon-enggon, sawayah-wayah “mojok” nonton TV utawa nge-game. Becik wektu mau uga kanggo srawung karo kanca-utawa tangga teparo. Dadi, pigunakna piranti mau kanthi trep; pas karo mupangate. Yen wis bisa kaya mangkono, ateges awake dhewe wis bisa matrap kahanan cocog karo kahanane. Ora jadul, nanging uga ora mbeguguk mutawaton keblinger teknologi.
Pancen kabeh mau lumrah sinandang dening wong urip yen wis katut, keli ing mosak-masiking ombak globalisasi. Ananging, awake dhewe ora bisa nyalahake jamane. Awit, kabeh mau, sajatine, bali marang pribadhine dhewe-dihewe, minangka pribadhi kang miyur, kang gampang keli ing ombak owahing jaman, Utawa, minangka pribadhi kang teteg tatag, pribadhi kang “ora keri, nanging uga ora keli”.
Nulis kuwi, klebu nalika nganggo basa Jawa, ana pathokane, yakuwi ejaan. Sing jeneng pathok kuwi kaya dene cagak omah. Yen tanpa pathok, tanpa cagak, apa sawijining wangunan bakal bisa ngadeg? Bisa dadi amah? Nulis uga mangkono kuwi. Supaya tulisan iku apik lan gampang dingerteni, anggone ngrakit kudu manut aturaning ejaan.117