Kaca:Sapu.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
NYEMAK TULISAN LAN BASANE

Dede Agung Sutione

SMK Ma‘arif 3 Wates


Tulisan kuwi saka kumpulane huruf sing digawe tembung, saka tembung banjur dadi ukara. Jaman mbiyen tulisan kuwi cukup awujud ukiran ing watu, kayu, kulit, lan sapanunggalane. Wekta kuwi, durung ana media utawa papan kang mligi kanggo nulis, Kuwi wae sing diukir dudu huruf, nanging orek-orekan awujud gambar. Kabeh mau uga ana tujuane, mung papan panggone sing beda, Tulisan mbiyen kuwi luwih awet. Bab kuwi wis cetha saka sawangane. Mediane wae saka media sing ora gampang bebrok kena banyu. Buktine, ing museum-museum tulisan utawa gambarane wong jaman mbiyen bisa didadekake prasasti sejarah.

Sejatine mono, nulis ike tandang kang kebak kesenengan. Awit, kanthi nulis, apa-apa sing ana, sing dadi pangrasa ing ati lan pikir bisa dibabarake, dilairake kanthi wujud tulisan. Kamangka, yen gagasan sing diwedharake kanthi tulisan, luwih lestari tinimbang sing dilisanake. Apa maneh yen kabeh sing padha bisa nulis iku bisa migunakake basa apa wae (kalebu basa jawa). Kanthi tulisan awake dhewe uga bisa aweh warta utawa pepenginan marang wong liya. Ing jaman kang luwih maju iki, tulisan bisa dijlentrekake, digawe ing media elektronika modheren, upamane SMS, e-mail.

116