Kaca:Sapu.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

wan basa, Bisa dadi wong kang mimpin ngusir basa liya kang njajah basa Jawa. Mesti ana rasa marem. Anak putu uga seneng nalika ngerti yen simbah buyute pranyata pejuang basa kang kawentar.

  Mula, ayo mumpung isih ana wektu. Gage awake dhewe ngenalake marang, wong liyan yen basa Jawa kuwi basa kang kudu diajeni lan diuri-uri. Carane akeh, apa wae bisa digunakake. Awake dhewe bisa nyonto cara kang digunakake para guru nalika mulang murid, wong tuwa nalika ngajari anake, wali nalika nyebarake agama, Isp. Sing penting awake dhewe gelem tumandang gawe, nguri-uri lan ngajeni Basa Jawa.

  Sumangga arep precaya apa ora. Yen basa Jawa bisa lestari, sing seneng ora mung awake dhewe, yaitu wong kang ngudi supaya Basa Jawa lestari, manging kabeh warga sa-Indonesia. Dudutane, ora bakal ana asil kang maremake yen ora ana usaha kang gedhe. Dadi, ayo kanthi pambudi kang temen-temen, awake dhewe bareng-bareng nguri-uri Basa Jawa supaya lestari lan dikenal atusan taun maneh.

115