Kaca:Sapu.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

Basa Jawa. Yen mangkono, piye nasib Basa Jawa? Apa Basa Jawa bakal punah? Apa awake dhewe uga rela yen wis ora ana sing gelem nggunakake Basa Jawa maneh?

  Basa Jawa ora bakal punah yen awake dhewe isih gelem nggunakake Basa Jawa. Awake dhewe kudu ngrumansani yea nduweni basa Jawa. Awake dhewe kudu ngajeni marang simbah buyut kang kanthirekasa uwis nggladhi anak putune basa Jawa. Kosok baline, seneng amarga basa kang ing Pulau Jawa wis arang digunakake, ing Suriname diajeni dadi basa nasional.

  Ing jaman saiki, yaiku jaman reformasi taun 2012, lagi kondang-kondange demam barat, Para nom-noman lagi kedanan basa Jepang lan Korea. Anggep wae bab kuwi tantangan kanggo awake dhewe. Piye carane supaya nom-noman bisa demam jawa. Nalika akeh kang padha nggunakake utawa sinau basa Jepang lan Korea, awake dhewe kudu luwih temenan anggone sinau Basa Jawa. Aja malah isin utawa minder. Kepiye basa Jawa arep maju Yen para nom-nomane kalebu wong mutungan. Ora apa-apa yen awake dhewe nggalakake basa Jawa ing wektu kang kaya-kaya kurang belani basa Jawa. Mula saka kuwi, arepa cacahe mung siji, anane karep saprelu ngleluri basa Jawa kudu disengkuyung. Becik maneh, umpamane wong mau kalebu wong kang demam barat, Dheweke bakal ngendhekake anggone nggunakake utawa nyinau basa Jepang lan Korea. Wong mau bakal mbelani awake dhewe anggone nguri-uri Basa Jawa. Nah, seka wong siji mau, tembene bakal ana wong liya sing melu. Dadi, sethitik mbaka sethitik kang pungkasane bakal akeh. Basa Jawa bakal dadi basa kang luwih kondang tinimbang basa liyane ing Indonesia, luwih-luwih ing Pulau Jawa.

  Banjur, apa pikolehe? Kanthi urun tandang sajrone nguri- uri basa Jawa, awake dhewe bakal oleh pakurmatan., Kayata, piagam, kondang ing Pulau Jawa lan Indonesia uga negara liyane, kondang ing Suriname. Dadi tamu undangan neng ndi-ndi wae.

Apa awake dhewe ora marem atine menawa kabeh mau dadi kasunyatan. Awake dhewe bakal dianggep pejuang uga pabla-

114