Kaca:Sapu.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012


  Ing Suriname, Basa Jawa diurmati kanthi didadekake basa nasional. KRabeh mau kawiwitan saka anane wong jawa kang “transmigrasi” ing Suriname. Wong jawa kang cacabe ora akeh iku tansah nggunakake basa Jawa ing saben dinane, Marga kerep krungu lan rumangsa kulina, wong Suriname liyane banjur melu-melu ngucapake Basa Jawa.

  Bab kaya ngono mau bisa lan kudu diconto dening warga Indonesia liyane, tuwih-luwih wong Jawa, Awake dhewe kudu seneng amarga basa Jawa wis dadi salah sawijine basa nasional ing donya iki. Awake dhewe kudu nduweni greget supaya bisa nglestarikake basa kang nyata-nyata migunani tumrap panguripane wong Jawa. Sapa sing bakal nglestarekake Basa Jawa yen dudu wong Jawa dhewe? Ngurmati basa dhaerah iku penting. Sajrone Pendidikan Kewarganegaraan, dijlentrehake yen salah sawijining kewajiban warga tumrap negarane, yaiku nguri-uri utawa nglestarekake basa dhaerah lan basa nasional, Mula awake dhewe kudu bisa ngajeni basa dhaerah, klebu basa Jawa. Wujude, kanthi ora isin malika npgunakake Basa Jawa. Awake dhewe kudu bombong marga isih bisa ngerteni lan ngggunakake Basa Jawa. Aja niru kanca liya kang seneng nggunakake basa liya. Malah, awake dhewe kudu nduweni greget saprelu ngelingake supaya wong mau bisa ngajeni basa dhaerahe kanthi nggunakake basa Jawa ing padinane.

  Kanggo wong sing isih angel utawa isin nggunakake Basa Jawa, prelu digenahake alesane, Awake dhewe ngerti yen basa Jawa nengenake tata krama, kalebu basa tradhisional (basa mamak) kang wis turun-temurun atusan taun, uga dadi basa nasional ing Suriname. Apa sing ndadekake awake dhewe isin?

  Awake dhewe kalebu manungsa sosial, yaiku wong kang ora bisa urip yen ora ana wong liya. Basa Jawa uga ngone, Ora bisa lestari yen ora ana sing nggunakake utawa yen cacahe sing nggunakake ora padha karo sing nglalekake. Wong sing nggunakake (kang cacahe mung sethitik) suwe-suwe krasa yen wis ora nduweni bala, Mula, uga banjur mutusake melu ninggalake

113