Kaca:Sapu.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

utawa ora duwe tata karma. Kogok baline, jaman satki bocah-becah wis ora diajari maneh nggunakake Krama Alus marang wong tuwane. Wong tuwa jaman saiki malah seneng yen putra-putrine, kanggo komunikasi padinane, nggunakake Basa Indonesia. Marga wiwit cilik wis diajari nggunakeke Basa Indonesia, akeh bocah-bocah jaman saiki kang ora kenal, apa maneh bisa nggunakake Basa Jawa.

  Ing media lan berita nate disiarake anane becah asli Indonesia kang wiwit cilik ora bisa nggunakake Basa Indonesia, aja maneh Basa Jawa. Bocah mau bisane nggunakake Basa Inggris. Kamangka wong tuwane yo ora ngajari basa kuwi marang bocahe.

  Kasunyatan kang kaya mangkono ndadekake prihatine para sepuh uga para pakar basa Jawa. Tuwuh pitakonan, cara apa kang bisa ndadekake bocah-bocah jaman saiki kenal lan bisa nggunakake Basa Jawa, saengpa Basa Jawa bisa lestari lam di kenal wong jawa atusan taum maneh. Cara mau, salah sijine, yaiku kanthi nganakake kridhan kang diarani‘Bengkel Bahasa Jawa. Tujuane, yaiku nguri-uri Basa Jawa supaya ora cepet punah. Pamupune, para siswa kang makili sekolal-sekolah ing Kabupaten Kulon Progo, Sleman, Kota Yogyakarta, Bantul, lan Gunungkidul. Conte liyane, kanthi nganakake lomba-lomba kang magepokan karo Basa Jawa.

  Ngapa basa Jawa arang digunakake maneh? Miturut kanca-kanca, amarga wong Jawa wis isin yen nggunakake Basa Jawa. Nah, apa awake dhewe yo isin nalika nggunakake Basa Jawa?

  Sajatine mono, awake dhewe kuwi kudw bisa nglestarekake basa Jawa kang wis turun-temurun |umaku ing Indonesia. Dadi, ora kok malah nyengkuyung panganggone basa Indonesia utawa basa liyane. Nggunakake basa liya kuwi oleh. Nanging, kudu metung kahanan, Upamane, marga sipat pirembuge kang formal; kang magepokan karo pranataning pamarentahan, Cekak aose, nengenake panganggone basa Jawa sauger Ora congkrah karo paugeran kang ngatur bab panganggene basa ing Indonesia.

112