Kaca:Sapu.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
ISIN MARANG BASA JAWA?
Bella Afrienda Devy
SMK Negeri 1 Pengasih
Basa Jawa mujudake basa kang lumrahe digunakake dening wong Jawa minangka srana srawung padinan. Kajaba kuwi, basa Jawa uga didadekake basa nasional ing Suriname. Mula, basa Jawa dadi sawijining basa dhaerah ing Indonesia kanthi gunggungan wong sing nganggo kang paling okeh.
Basa Jawa dibedakake dadi 4.


1. Basa Krama Alus : digunakake marang sesepuhan (wong tuwa) utawa wong kang duwe pangkat (lurah, camat, dukuh, Isp) Basa Krama Lugu digunakake marang wong kang durung tepung (kenal) nanging

sapantaran

3. Basa Ngoko Lugu : digunakake marang sapadha-padha (sapantaran)
4. Basa Ngoko Alus : digunakake marang wong kang diurmati, nanging wis akrab utawa wong tuwa marang wong enom, nanging padha jabatane.


Basa Jawa klebu basa kang njunjung dhuwur tata karma lan unggah-ungguh. Jaman biyen, yen omong-omongan marang wong kang luwih tuwa, nanging ora migunakake krama alus, wong mau bakal diarani wong kang ora duwe unggah-ungguh

111