Kaca:Sapu.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

3. Jogja Style

Jogja kang uga aran Ngayogyakarta duwe kebudayaan sing mung ana ing Jogja. Jogja dewe saiki lagi ngalami owah-owahan gaya utawa tren ing bab nyandhang utawa ngadi busana, mligine tumrap pelajar. Gaya sing lagi kerep diomong-omongake, yaitu gondes lan mendes. Nanging, apa ta sajatine tegese gaya gondes lan mendes kuwi?
Fauzi Handoko Arif, siswa SMA N 1 Gamping, nyritakake yen gondes lan mendes mau mujudake gaya dandanan lan tandang tanduk. Nek tembung gondes lan mendes mau dijangkepake, unine banjur dadi "gento ndeso" lan "menthel ndeso". Tekan saiki, gaya mau dadi trend center ing kalanganing nom-noman. Marga uga magepokan karo bab tandang tanduk, gondes lan mendes ora mung kadelok saka sandhangan utawa klambi sapenganggo. Apa tumpakane uga dadi perangan kang melu nemtokake. Cekak aose, miturut Fauzi Handoko Arif, Gondes lan mendes kuwi mujudake wong sing stylish seka carane nyandhang. Ngopo kok iso ngono? Ora liya, marga wong kang gondes lan mendes iku wong kang sandhangane gonta-ganti modhel kanthi pilihan werna lan ragam kang uga mawarna-warna.
Ana style liya kang uga beda. Style mau beda awit nuduhake gayute karo unsur musik? Style mau lumrah karan Hardcore. Style Hardcore duwi titikan awujud (a) rerenggan (desain gambar) kang nglambangake music hardcore lan (2) kathok kang modhel kathok tentara. Hardcore klebu jinis musik sing keras kang diprecaya minangka simbol lelanangan utawa kejantanan.
Beda maneh dandanan kang gayut karo musik SKA. Gaya dandanan sing dinggo dening pandemen SKA, kaya gaya pakaian bocah TK lan SD. Lumrahe ngatonake solah kang "sante” (santai) lan tandang tanduk kang lucu.
Tau krungu aliran musik PUNK? Aliran musik iki klebu keras, meh koyo musik hardcore. Gaya dandanane uga kaya hardcore. Bedane mung sithik. Bocah punk kuwi aktivis kanthi dhasar panemu utawa politik tartamtu. Tembung-tembunge uga

108