Kaca:Sapu.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

kebak slogan, kayata "Kapitalismu tak sehebat NEGARA KU!" Slogan mujudake protes nek dadi warga NKRI kudhu peduli karo budayane dhewe. Aja kerep ngiblat karo budaya kulonan. Amarga kuwi, dandanan wong punk iki lumrahe apa anane, malah kepara kaya gembel awit kasawang lethek. Aja nganggep wong punk kuwi ora duwe pendhidhikan. Sajatine, malah wong punk sing duwe pendhidhikan. Wong-wong mau lumrahe entuk pendhidhikan sing biasa diarani pendidikan solidaritas. Pendidikan solidaritas mau duwe piguna kang gedhe tumrap urip. Awit, ngelingake menawa uwong kuwi sawijining makhluk social. Mula, kudu bisa nindakake urip kanthi tulung-tinulung.
Batik Jogja ora kalah uga dadi sawijining gaya dandanan cah enom jaman saiki. Batik jogja adalah pakaian batik sing ana Jogja. Batik kuwi uwis diremiske dening UNESCO minangka kabudayan duweke Indonesia. Batik Jogja lumrahe werna coklat lan ireng. Saben Jumat lan Setu, sekolah-sekolah negeri ing Jogja biasane ngudokake sragam batik. Angkahe, saprelu nglestarekake batik minangka warisan nenek moyang Indonesia. Siswa dhewe, katon krenteg nanggapi bab mau. Vidya Ardhania, sawijining siswa ing Jogjakarta, nyebutake menawa Indonesia kudhu kerep ngerepake nganggo batik supaya batik ora diaku negara liya.
Cundhuk karo kuwi, yaiku pambudi tumrap wujud kabu- dayan liyane. Ojo nganti ana budaya Indonesia sing diklaim negara liya. Upamane surjan lan kebaya minangka sandhangan tradhisional. Surjan dinggo bocah lanang lan kebaya dinggo bocah wedok. Lumrahe raja Jogja nganggo surjan minangka ageman dalem. Awit kuwi wong sing nganggo surjan dadi identik karo wong kerajaan ning jogja. Surjan lan kebaya biasane digunakake sajroning acara perkawinan sing nganggo adat Jogja. Tumrap siswa sekolahan, surjan lan kebaya biasane digunakke nalika pengetan Hari Kartini utawa kelulusan sekolah.
Dinggo wong lanang, princen panganggone surjan nyakup blangkon nggo sirah, surjan kanggo klambian, jarik kanggo clana,

109