Kaca:Sapu.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

furiside. Furiside dewe nduweni titikan kang asipat khas, yaiku lengenane nglambrah nganti meh nyenggol mester.
Wes tau krungu AKB48? AKB48 mujudake Idol Grup seka Jepang sing dibesut dening Yasushi Akimoto, sawijining produser kondhang ing Jepang. Ngopo AKB48 diarani Idol Grup: dudu girlband? Girlband biasane identik karo nyanyi kelompok. nanging dudu vokal grup. Yen Idol Grup, sipate kudu bisa nyanyi, nari, akting, uga kudu bisa nindakake pegaweyane entertainment. Sosok AKB48 iki luwih terkenal nganggo seragam ing saben manggunge. Lagune sing kawentar, yakuwi Heavy Rotation.
Yashusi Akimoto ora mung gawe Idol Grup neng jepang. Dheweke uga gawe ing Indonesia barang. Sing neng Indonesia dijenengi JKT48. JKT48 kuwi Idol Grup saka Indonesia sing digawe Yasushi Akimoto. Dadi, JKT48 kuwi sedulur kembare AKB48. Lagu-lagu sing dinyanyekake podo karo AKB48. Sandhangane ya seragam. Personil paling emon jenenge Nabilah Ratna Ayu Azalia, lair 11 November 1999. Ketuane aran Melody Nurramdhani. JKT48 manggung sepisanan ing acara 100% Ampuh, ing Global TV.
Neng Jepang ora mung Idol Grup sing kondhang. Band L'arc en Ciel Band Japan Rock, sing ateges kluwung utawa pelangi, kuwi yo kawentar kayadene AKB48. L'arc en ciel diadani tahun 1991 dening Tetsuya. Band kang dumadi saka Hyde, Tetsuya, Ken, Yukihiro kuwi kerep gonta ganti paraga. Sanajan kerep ganti paraga, band L'arc en ciel tetep wae eksis ing donya. Gaya pakaian lan gaya manggunge ya dadi sumber inspirasi band In- donesia sing jenenge J'rock. Lagu kanthi irah-irahan "Good Luck My Way" lan "Chase" kuwi kondhang banget. Band iki ya wis tau manggung ing Indonesia tahun 2012. Wiwitan manggung tanggal 30 Mei 1991 ing Nanba Rockets. Sing ngadani acara wis mikir nek band mau bakal cemerlang ing Jepang. Band beraliran japan rock kuwi manggon ing posisi 15 saka List of 50 Best Selling Artists of All-Time in Japan.

107