Kaca:Sapu.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

pakaian adat Korea Selatan sing lumrah dianggo ing acara resepsi. Yen neng korea utara, jenenge choson-ot. Hanbok kuwi duwe warna sing cerah. Ora mung kuwi, Hanbok biasane yo dinggo cah-cah nom neng acara pensi.
Pakaian korea kuwi katon unik, mligine miturut petung modhel pakaian Indonesia uga Jawa. Pakaian korea menika bisa dicampur. Upamane, long dress nanging bisa didadekake busana muslim. Desainer lumrahe ngreka sawernaning perubahan desain kanggo ngatonake bedane rancangan desaine. Ing Indonesia dhampake uga apik, yakuwi ningkatake kreativitas kanggo ngapikake kreasi kang wis ana. Manusia kuwi titahing Gusti. Kudune bisa mikir cemerlang. Aja ana tembung ora iso kejaba minangka tembunging wong sing ra gelem bangkit.

2. Japan style

Wes tau krungu tembung kimono? Kimono kuwi pakaian tradisional jepang. Kimono iku tegese 'sesuatu sing dinggo'. Dasa nama utawa jeneng liyane, yakuwi gofuku.
Saiki kimono, bentuke koyo mantel lengen dawa kanthi kerah. Bahane saka sutra kualitas kang paling apik. Kimono digawe kanthi disum nganggo tangan, ora dijait nganggo mesin jait. Yen pengen duwe kimono, kudu pesen dhisik kanggo nyocogake ukurane. Regane lumrahe larang. Ewa semana, wong Jepang banget tresna marang kimono minangka pakaian tradhisional kang asipat unik utawa mbedani. Motif kimono cenderung bedabeda. Gumantung kasenengane wong sing mesen. Miturut wong-wong mau, ana rasa mongkog uga rasa "endah" nek wes nganggo kimono.
Tumrap bocah-bocah, biasane kimono dinggo neng acara Shichi Go San. Tumrap wong sing nyambut gawe ing pariwisata, kimono dinggo kanggo sragam makarya. Tumrap bocah lanang, kimono biasane dinggo pasa acara jagong manten utawa acara formal liyane. Tumrap bocah wedok, kimono biasane dinggo ing acara sing istimewa. Yen cah wedok, panganggone koyo

106