Kaca:Sapu.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Boyband lan girlband pancen wis dados sorotaning donya. Utamane boyband Super Junior sing anggotane 9 wong. Siwon dkk iki terkenal marga lagune kang asesirah Mr. Simple. Ora kuwi wae, ana boyband Shinee sing yo kaloka. Opo maneh salah siji playere entuk predikat artis sing paling ganteng ing tahun 2010 lan dinobatke minangka artis sing paling populer ing tahun 2010. Lha piye karo 2PM? Boyband sing dibesut JYP management iki uga dadi salah sijining paraga dunia hiburan Korea. Anane boyband-boyband kuwi ndadekake Korea uga dadi sawijining papan palancongan. Kostum sing biasa dingo, uga banjur dadi modhel sandhangankang kondang, utamane tumrap nom-noman jaman saiki.
Mangkono uga girlband Girl Generation sing dibesut SM Entertaiment. Para pandemene biasane nyebut So Nyuh Shi Dae utawa disingkat dados SNSD. Girlband sing kadadean saka Taecyon sakanca iki sukses nembus peringkat 1 tangga lagu korea kanthi judul Gee. Ora mung SNSD sing terkenal. Girlband liyane kang uga kondhang, yakuwi ada Wonder Girls. Wonder girls iki samanagemen karo 2PM, yaiku JYP management. Lagu sing judule Nobody tau entuk peringkat siji tangga lagu korea. Sungguh mengesankan prestasi sing uwis tau di ukir karo girlband korea. Ora mung neng lagu wae, gaya pakaianne boy/girlband uga banjur dadi kawigatene medhia-medhia. Akeh wong umum kang banjur ngimitasi.
Bab sing paling gawe udreg Indonesia ing wektu iki, yaiku anane festival fashion Korea. Nyatane, masyarakat Indonesia nanggapi antusias, mbuh kanthi dadi pamupu (peserta) utawa sadrema melu ngramekake kanthi mlaku-mlaku lan ndelok-ndelok festival mau. Lumrahe padha pengin ngerti apa ta bedane sandhangan Indonesia lan Korea.
Aja lali karo sing jenenge Hanbok. Wong sing durung mudheng bisa wae ngartekake 'buku tangan. Kamangka, tegesing tembung Han, yakuwi sebutan kanggo wong Korea. Dene tembung Bok ateges 'sandhangan' utawa 'pakean'. Hanbok kuwi

105