Kaca:Sapu.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
KONDHANG MERGA MEDHIA
Fauzi Handoko Arif
SMA Negeri 1 Gamping


Sawernaning kabudayan ning dunya iku banget nengsemake. Mligine nek awak dewe melu ambyur melu tumandang ing satengahing kabudayan mau. Kapan lan neng ndi wae manungsa kuwi mesthi nganggo sandhangan lan ngerti sing terkenal ning donya mau.
Miturut Pandu Setyoaji, mahasiswa UIN Sunan Kalijaga, "trend fashion kuwi asale saka ela-elune wong-wong sing melu gayane artis sing disenengi". Pandemen lumrahe pengen dadi utawa katon kaya artis sing disenengi. Artis utawa public figure kuwi duwe daya ing donya fashion. Opo wae sing dinggo artis mau mesti ana sing pengin niru.

1. Korean Style

Ing sawernaning jaman, fashion kuwi mesti dadi sorotaning wong urip. Ing wektu iki budaya korea sing lagi kondhang. Budaya mau wiwit nglembrah ing bumi iki, kawiwitan saka boyband lan girlband. Bubar kuwi dunya fashione sing dianggep monjo. Akeh kalangan sing muji marang bisane budaya Korea ngrambah ing negara-negara liya. Mligine, ing gaya sandhangan utawa kostume para personil boyband lan girlband. Reputasi saka boyband lan girlband kuwi sing gawe dunya banjur nglirik asal usule budaya Korea, utamane ing bab tata sandhang utawa busanane.

104