Kaca:Sapu.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

Lahan sawah luwih manpangat menawa dienggo nandur pari tinimbang didadekake omah. Mula lahan sing dienggo omah aja ngenggoni lahan sing produktip. Ngedeke omah luwih becik neng lahan gunung gamping utawa panggonan liya sing tandus. Lan meneh manungsa kudune aja sarak. Amarga srakahing manungsa kuwi mula banjur ngentek-entekke lahan sawah. Sejatine bisa uga dipilih sawijining papan mligi kanggo pemukiman penduduk supaya pemukiman penduduk luwih rapi lan ora ngentek-entekake lahan sawah. Kabeh iki mung kari manut karepe awake dhewe, kalebu petani lan pemerintah. Yen awake dhewe duwe krenteg kango gumregah ngayahi babagan pangan, mesthi awake dhewe bisa dadi papaning swasembada beras lan pangan. Nanging yen perkara-perkara mau ora bisa diatasi, awake dhewe mung bakal ngimpi bab swasembada beras.
Ing walike kulit gabah kuwi mau akeh banget manpangate, nanging yen ora ono sawiji gabah, bencana sing bakalan isa teka luwih akeh. Aja nganti gabah lokal kalah karo gabah impor. Senajan rega gabah inpor murah, nanging kualitase tetep wae kalah karo gabah lokal. Apa awak dhewe gelem 5-10 taun maneh ora bisa mangan beras asli petani Indonesia? Pitakonan kango 10 tahun meneh, apa isih ana petani ing Indonesia, apa isih ana gabah ing Indonesia?

103