Kaca:Sapu.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

SAPU

beras mau kui ilang ana ngendi? Apa mungkin ilang dipangan hama tanduran pari ing sawah kaya tikus apa keyong lan wereng lak yo ra mungkin tha duit gabah dipangan hama pari. Kudune sing tangung jawab karo perkara iki cepet-cepet ngerampungkake perkara iki supaya kabeh dadi apik lan petani ora dha jeleh nandur pari.
Paling apik kango pemerintah ing masalah iki kudune pemerintah mandeg utawa ngelongi jumlah beras impor sing melebu ana ing Indonesia, amarga yen beras impor dikurangi, mestine rega beras lokal bisa stabil lan rakyat Indonesia isa tuku beras lokal sing regane murah tur tetep isa njamin kemakmuran petani.
Mesti yen koyo ngono kui rakyat Indonesia, utamane pahlawan panggan Indonesia, bisa urip makmu. Nangging yen masalah iki ora cepet dirampungke malah Indonesia negarane bisa ana bencana masalah pangan lan yen iki di terus-teruskake beras lokal bisa ilang amarga kegusur beras impor saka negara liya kaya Cina, Thailand, lan sakpiturute.
Saiki masalah lahan sawah sing pada ilang amarga didadekake omah, lahan sawah dadi kebun kelapa sawit utawa karet. Masalah alih fungsi lahan iki ya pada gawate; yen sawah-sawah pada ilang di dadekake omah mesti kanca-kanca wis ngerti dewe piye dadine: ora ana meneh sawah sing isa ditanduri pari; yen kaya ngene iki Indonesia isa kena krisis panggan gedhe. Sakudune pemerintah isa ngendalekake masalah iki. Pancen bener pemerintah uwis lekas ngatasi masalah iki kango nggawe aturan-aturan supaya ora oleh ngalih fungsikake lahan produktis dadi lahan mati. Sak termene pemerintah uwis turun tangan ngatasi masalh iki, sayange carane pemerintah kui isih salah. Kok iso salah? Amarga yen pemerintah gur nggawe peraturan nangging ora ana sing ngawasi lan ora ana sing medun neng lapangan, tetep wae alih fungsi lahan terus kelakon. Peraturan pemerintah kurang efektif/manjur, kurang tegas, kurang dipublikasikake lan kurang penyuluhan.

102