Kaca:Sapu.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Geguritan lan Esai Bengkel Bahasa dan Sastra Jawa 2012

carane petani le golek panggan seka hasil nandur pari? Iki salah sijine sing marai petani pada ngedol sawahe kanggo nggawe perumahan. Nek perkara iki ora cepet diatasi, mesti awak dhewe ora isa ngerasakake enake beras Indonesia.
Yen pemerintah terus terusan ngono kui, beras sing ditandur anggel-anggel para petani mau rasane ora ana artine, kaya didadekake anak tiri neng negarane dhewe, malah beras saka luar negeri kaya anak emas ana ing negarane uwong. Ngomongke kualitas beras lokal karo beras impor, kualitas beras lokal ora kalah karo beras impor. Nanging tetep wae pemerintah terus terusan ngimpor beras saka luar negeri, ora malah milih beras lokal hasil gaweane rakyat Indonesia. Yen nasib beras lokal gur dianak tirike koyo ngene iki, ngopo pemerintah okeh-okeh nggawe iklan ana ing TV ngajak petani nambahi hasil produksine, kamongko pemerintah ora isa ngregani rekasane usaha petani. Regan gabah ora sebanding karo rekasane nandur pari sing di rewangi pendak esuk menyang sawah lan rega beras ora tau isa ajeg, rega beras malah munggah mudun.
Sak kudune pemerintah wis isa ngerteni opo wae masalah petani, aja malah masalah kaya ngene iki diuja terus, amarga yen ngene iki terus, petani dadi kagol lan terus wegah ngerumat sawah, iso-iso malah sawahe didol.
Ayo saiki coba bayangke yen pemerintah ijolan gawean karo para petani. Pemerintah kudu tangi esuk nggowo pacul, caping, cengkrong panas-panas ngerumat pari, sabar ngenteni wit pari metu gabahe, ijih kudu njaga wit pari saka hama keyong, tikus lan wereng. Ayo coba dirasakake piye larane ati petani nek beras saka pari tandurane regane ora mbejaji. Pisan-pisan aja pemerintah gur isa ngajak utawa ngakon-akon rakyat, ngoyak-oyak petani mbayar pajak...... Ayo coba kabeh wae ngerasake piye rekasane dadi petani.
Pendak minggu, pendak sasi, rega beras bisa mungah, nanging malah kesejahteraan petani ora saya munggah, malah saya mudun. Kuwalik tenan kok Indonesia.... Terus dhuwit saka

101